Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 9 >> 

Panggonan suci ing bumi sarta ing swarga

1Anadene mungguh prajanjian kang wiwitan iku uga pancen ana pranatan-pranatane ing bab pangibadah sarta ing bab pasucen gaweaning manungsa.

2Jalaran ana tarub kang kapasang rakit, perangane kang ngarep dhewe ana ajug-ajuge lan meja kanggo roti sesaosan. Perangan iki kaaranan pasucen.

3Ing saburine gubah kang kapindho ana tarube maneh siji kang diarani pasucen kang pinunjul.

4Ing kono ana misbyahe padupan emas sarta pethi prasetyan kang kalapis emas bleg; ing jerone ana gucine emas isi manna sarta lantarane Imam Agung Harun kang wus tau semi sarta watu blebekan prasetyan,

5lan ing sadhuwure ana kerube kamulyan loro kang ngaubi tutup pangruwatan. Nanging prakara iki ing samengko ora bisa kita critakake kanthi wijang.

6Iya mangkono iku anggone nata papan kang suci iku. Dene para imam tansah lumebu ing perangan tarub kang ngarep prelu nindakake pangibadahe,

7nanging tarub kang kapindho iku mung dilebeti dening Imam Agung piyambak sataun sapisan, lan kudu ngasta getih kang kasaosake marga saka sarirane piyambak sarta marga saka panerak-panerake umate kang ora kajarag.

8Kalawan mangkono iku Sang Roh Suci anggone nelakake manawa dalan menyang papan suci durung kawengakake, salawase tarub kang ngarep iku isih ana.

9Iku minangka pasemon tumrap ing jaman saiki. Miturut saka iku ana kurban lan pisungsung kang kasaosake, kang ora bisa ndadekake sampurnane wong-wong kang nyaosake manut rumangsaning atine,

10marga kabeh kang wujud pangan lan omben-omben sarta pisungsung warna-warna iku mung tatanan tata lair bae, kang mung tumindak nganti tumekane jaman pambangunan.

Gusti Kristus jumeneng Pantawising prajanjian kang anyar

11Balik Gusti Kristus wus rawuh jumeneng Imam Agung tumrap bab-bab kang becik kang bakal kalakon. Panjenengane wus nglangkungi tarub kang luwih gedhe sarta kang luwih sampurna kang ora kayasa dening tanganing manungsa, -- tegese dudu panunggalane kang tumitah iki --,

12sarta Panjenengane wus lumebet ing pasucen sapisan kanggo salawas-lawase, ora ngasta getihing wedhus lanang sarta getihing pedhet, nanging ngasta rahe piyambak. Lan marga saka iku Panjenengane wus ngangsalake panebus kang langgeng.

13Jalaran, manawa getihing wedhus lanang sarta getihing sapi lanang lan kepyuraning awune pedhet iku ndadekake sucine wong kang najis, satemah padha kasucekake tata lair,

14mendahane maneh rahe Gusti Kristus, kang marga dening Roh kang langgeng wus ngurbanake sarirane piyambak konjuk ing Allah minangka pisungsung kang tanpa cacad, iku rak mesthi bakal ngresiki rumangsaning ati kita saka pratingkah-pratingkah kang tanpa guna, supaya kita bisa ngabekti marang Gusti Allah kang asipat gesang?

15Mulane Panjenengane jumeneng Pantawise prajanjian kang anyar, supaya wong-wong kang wus katimbalan padha bisaa tampa warisan langgeng kang kaprasetyakake, amarga Panjenengane wus seda kanggo nebus panerak-panerak kang ditindakake ing sajrone prajanjian kang wiwitan.

16Jalaran manawa ana layang wasiyat, ing kono kudu dipratelakake matine kan gawe wasiyat iku.

17Sabab sawijining layang wasiyat iku lagi bisa sah, manawa kang gawe wasiyat iku wus ngajal, sabab wasiyat iku ora tumindak, salawase kang gawe wasiyat mau isih urip.

18Yaiku sababe, dene prajanjian kang wiwitan ora disahake tanpa getih.

19Awitdene nalika Nabi Musa wus ndhawuhake sakehe pepakon angger-anggering Toret marang umat kabeh, banjur mendhet getihing pedhet lan getihing wedhus lanang sarta banyu lan wulu abang sarta isop, banjur dikepyurake piyambak ing kitab iku sarta marang umat kabeh,

20kalawan ngandika: “Iki getihing prajanjian kang katetepake dening Allah tumrap kowe.”

21Mangkono uga tarube lan sakehe piranti kang kanggo ing pangibadah iya padha dikepyuri getih.

22Sarta manut angger-anggering Toret meh samubarang kabeh karesikake srana getih sarta ora ana pangapura manawa tanpa wutahing getih.

23Dadi gegambarane samubarang kabeh kang ana ing swarga iku kudu kasucekake kalawan patrap mangkono iku, nanging barang-barang kaswargan dhewe kasucekake srana kurban kang luwih becik tinimbang iku.

24Sabab Sang Kristus ora mlebet ing sajroning pasucen gaweaning tangane manungsa kang mung dadi gegambarane kang sejati, nanging mlebet ing swarga piyambak prelu sowan ing ngarsane Gusti Allah kanggo kapreluan kita.

25Sarta Panjenengane ora mlebet prelu bola-bali ngurbanake sarirane piyambak, kayadene Imam Agung kang saben taun lumebet ing pasucen ngasta getih kang dudu rahe piyambak.

26Jalaran manawa mangkono Gusti kudu bola-bali anggone nandhang sangsara wiwit jagad iki dititahake. Nanging saiki Panjenengane mung sapisan anggone nglairake sarirane, yaiku ing jaman wekasan, prelu mbirat dosa srana kurbane piyambak.

27Sarta padha kayadene manungsa katetepake mati mung sapisan bae, lan sawise iku diadili,

28mangkono uga Sang Kristus iya mung sapisan bae anggone ngurbanake sarirane prelu nanggel dosane wong akeh. Sawise iku bakal ngatingal sapisan engkas ora prelu nanggel dosa, nanging prelu maringake karahayon marang wong kang padha nganti-anti marang Panjenengane.



Download Audio MP3 (Ibrani 9):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Ibrani 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel