Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 13 >> 

Bab memala saraat

1Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun mangkene:

2“Manawa ana wong kang kuliting badane abuh, merkutuk utawa belang-belang kaya panu, kang bokmanawa dadi wiwitaning memala saraat ana ing kulite, wong iku banjur kagawaa marang ing ngarepe Imam Harun utawa ngarepe salah sijine imam anake Harun.

3Imam tumuli mriksaa memala ing kuliting badane iku, lan manawa wulu ing memalane iku malih dadi putih, lan memala iku katon luwih jero tinimbang kulit, iku genah memala saraat; manawa imam wus yakin bab iku, wong mau katetepna najis.

4Balik manawa belang ing kuliting badane iku sanadyan iya putih, nanging ora katon luwih jero tinimbang kulite, lan wulune ora malih dadi putih, wong mau dikurunga dening imam lawase pitung dina.

5Sawusw pitung dina dipriksaa maneh dening imam, manawa miturut panemune imam, memalane ajeg bae, ora mremen marang kulit liyane, wonge dikurunga maneh lawase pitung dina kanggo kang kaping pindhone.

6Bareng pitung dinane dipriksaa maneh dening imam kang kaping pindhone, saupama memalane katon alum lan ora mremen ing kulit liyane, imam netepna yen wong mau ora najis, iku mung merkutuk bae. Wonge ngumbaha sandhangane, nuli wus dadi resik.

7Nanging manawa nalika mriksakake awake marang imam supaya kasucekna mau, merkutuke banjur saya mremen menyang kulit liyane, wonge kawajiban mriksakake awake marang imam maneh kang kaping pindhone.

8Manawa miturut papriksane imam merkutuke iku saya mremen, wonge banjur katetepna najise dening imam: iku memala saraat.

9Manawa ana wong kang nandhang memala saraat, iku kagawaa marang ing ngarepe imam.

10Yen miturut papriksane imam kulite ana kang abuh, warnane putih, lan njalari wulune iya wus malih putih, mangka satengahe kang abuh mau ana daginge mendhukul,

11iku memala saraat kang wus lawas ana ing kuliting badane, Mulane wong iku ditetepna najise dening imam, ora usah ndadak kakurung, marga pancen wus dadi najis.

12Manawa memala saraat mau thukul warata ana ing kulit, nganti nutupi awake sakojur, wiwit ing sirah nganti tekan ing dlamakane, sapira kang bisa kasumurupan dening imam,

13lan manawa pamriksane imam memala saraat iku wus mratani kulite wong mau ana ing awake sakojur, kang malanen mau banjur ditetepna ora najis, marga malane mau wus malih dadi putih kabeh; wonge dadine resik.

14Nanging manawa ing malane iku katon ana daginge kang pendul, wonge dadi najis.

15Manawa imam ndeleng daging kang pendul iku, wonge ditetepna najis; daging pendul iku najis, pancen iku memala saraat.

16Nanging manawa daging pendul iku kempes lan malih dadi putih, wonge nuli sebaa marang ing ngarepe imam.

17Manawa miturut papriksane imam malane wus malih dadi putih, kang malanen ditetepna ora najis dening imam, dhasar wus birat najise.

18Manawa ing kuliting badane sawijining wong ana plenthunge kang wus waras,

19mangka tilas panggonan kang mlenthung iku ana kang mendul putih utawa ana belange putih semu abang, wong iku nuli nyuwuna kapriksa dening imam.

20Manawa miturut papriksane imam belange iku luwih jero tinimbang kulit liyane, lan wulune wus malih dadi putih, wonge katetepna najis dening imam. Iku memala saraat kang thukul ana ing tilas plenthung mau.

21Nanging manawa imam anggone mriksa ora tinemu ana wulune putih lan belange ora luwih jero tinimbang kulit liyane, malah belange katon saya alum, wonge banjur kakurunga dening imam lawase pitung dina.

22Manawa belange mau mremen menyang kulit liyane, wonge ditetepna dening imam yen najis, iku pancen memala saraat.

23Nanging manawa belange mau ajeg ora mremen, iku tetep mung tilas plenthung, wonge katetepna resik dening imam.

24Utawa manawa ing kulite badan ana tabete gosong kena geni, mangka sawarase kulite, tabet mau dadi belang putih semu abang utawa putih,

25imam kudu mriksa, yen wulu ing panggonan belang mau malih putih, lan belange katon luwih jero tinimbang kulit liyane, dadi iku pancen memala saraat kang thukul saka tabet gosong mau, mulane wonge ditetepna najis dening imam, iku memala saraat.

26Balik manawa miturut papriksane imam, ing belange iku ora ana wulune putih lan ora luwih jero tinimbang kulit liyane, malah katon saya alum, wonge banjur kakurunga dening imam lawase pitung dina.

27Ing pitung dinane wong mau dipriksaa maneh dening imam; manawa belange saya mremen ing kulit, wonge ditetepna najis dening imam, iku memala saraat.

28Balik manawa belange ajeg ana ing panggonane, ora mremen ing kulit liyane, malah katon alum, iku pendule tabet gosong, mulane wonge ditetepna ora najis dening imam, awit iku mung tabete gosong bae.

29Karodene maneh manawa ana wong lanang utawa wadon memalanen ing sirah utawa ing jenggote,

30imam kudu mriksa memala iku, manawa katone luwih jero tinimbang kulit liyane, lan wulune lemes semu kuning, wong iku ditetepna najis dening imam. Iku borok, iya memala saraat ing sirah utawa ing jenggot.

31Balik manawa miturut papriksane imam, borok mau katone ora luwih jero tinimbang kulit liyane, lan ora ana rambute kang ireng, kang nandhang memala borok iku banjur kakurunga dening imam lawase pitung dina.

32Ing pitung dinane imam mriksaa maneh memala mau, manawa boroke ora mremen lan ora ana rambute kang semu kuning, mangkono maneh boroke ora luwih jero tinimbang kulit liyane,

33wonge nuli cukura; dene kang ana boroke aja dicukur, lan wong kang boroken iku dikurunga dening imam pitung dina engkas.

34Wasana ing pitung dinane imam mriksa boroke mau maneh, manawa tetela ora mremen ing kulit liyane, lan katone ora luwih jero tinimbang karo kulite, wonge banjur ditetepna ora najis dening imam, mung ngumbaha sandhangane, nuli wus dadi resik.

35Nanging manawa borok mau pancen saya mremen ing kulite, sawuse katetepake resik,

36mangka papriksane imam, boroke mremen ing kulite, dadi imam ora usah nggoleki rambut kang kuning, wong mau pancen najis.

37Balik manawa miturut papriksane imam borok iku isih ajeg, lan wus kathukulan rambut ireng, dadi boroke wus waras, wonge ora najis, lan imam netepna yen ora najis.

38Manawa ana wong lanang utawa wadon kang kulite ana belang-belange, yaiku belang-belang putih,

39imam kudu mriksa, yen belang-belang ing kulit mau katon alum, dadi mung bangsane panu bae kang thukul ana ing kulit mau, wong mau ora najis.

40Manawa ana wong lanang kang bodhol rambute, iku mung dadi buthak, ora najis,

41manawa kang bodhol mung rambut ing ngarep bae, lan dadi buthak ing sisih ngarep, iku ora najis.

42Nanging manawa ing sirahe kang buthak mau ing sisih dhuwur utawa ing sisih ngarep ana memalane kang putih semu abang, iku memala saraat kang thukul ana ing perangane sirahe kang buthak mau.

43Imam banjur mriksaa, yen penduling memala kang thukul ana ing perangane sirahe kang buthak iku putih semu abang, rupane padha karo memala saraat ing kulit,

44wong iku pancen nandhang memala saraat, dadine najis lan ditetepna najis dening imam, marga saka memalane ing sirahe mau.

45Wong kang nandhang memala saraat iku nganggoa sandhangan kang rowak-rawek, rambute kaorea, lan brengose katutupana, klawan alok-alok: najis, najis!

46Salawase nandhang memala iku, tetepa najise. Sarehne najis mulane pamanggone kapisaha, prenahe ana ing sajabane palereban.

47Manawa ana sandhangan kang ana tandha-tandhane memala saraat, dadia sandhangan wol utawa lena,

48dadia tenunan utawa anaman lawe, dadia lulang utawa sadhengaha dandanan lulang,

49manawa tandha-tandha kang dumunung ing barang-barang mau katon semu abang, iku memala saraat, perlu dipriksakake marang imam.

50Manawa tandha-tandha mau wus dipriksa dening imam, kang kadunungan tandha-tandha mau dipisah pitung dina lawase.

51Ing pitung dinane dipriksa maneh, manawa tandha-tandha mau wus mremen ana ing sandhangan, utawa tenunan, ing anaman utawa ing lulang, iya ing sadhengah apa bae kang bakale lulang, iku saraat kang ganas banget, lan iku najis.

52Sandhangan kang ana tandha-tandhane mangkono iku kaobonga, awit iku saraat kang ganas banget, barang-barang mau kudu kaobong nganti entek.

53Balik manawa miturut papriksane imam, tandha-tandha mau ora mremen ing barang-barang iku,

54imam tumuli akona ngumbah barang-barang kang kadunungan tandha-tandha iku, sarta wonge banjur kapisaha pitung dina maneh.

55Sawuse barang-barang iku dikumbah, imam kudu mriksa tandha-tandha iku mau maneh. Sanadyan ora mremen, yen tandha-tandha iku ora owah, barang-barang mau tetep najis, iku sira obonga nganti entek, awit tandha-tandha mau saya jero ana ing sisih buri utawa ing sisih ngarep.

56Nanging manawa miturut papriksane imam tandha-tandha mau sawuse kakumbah katon lamat-lamat, iku nuli kasuweka saka ing barang-barang mau.

57Nanging manawa tandha-tandha iku katon maneh ana ing barang-barang mau, iku saraat kang lagi thukul, barang kang kadunungan tandha-tandha iku kaobonga nganti entek.

58Nanging barang-barang kang wus sira kumbah nganti ilang tandha-tandhane, iku kakumbaha maneh, lagi dadi resik.

59Iku mau angger-angger bab saraat kang tumrap ing sandhangan wol utawa lena, barang tenunan utawa anaman, apadene sadhengah dandanan lulang, supaya katetepna resik utawa najis.”



 <<  Imamat 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2020
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran