Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Imamat 23 >> 

Bab dina-dina riaya

1Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:

2“Sira dhawuha marang wong Israel lan tutura: Mungguh dina gedhe kang katetepake dening Pangeran Yehuwah kang kudu sira undhangake dadi dina-dina masamuwan suci, iya dina-dina gedhe kang Suntetepake, iku pratelane mangkene:

3Nem dina wong padha nyambuta gawe, nanging dina kapitu iku sabat, dina kanggo ngaso babar pisan, yaiku dina masamuwan suci; sira aja padha nglakoni pagawean apa-apa; iku sabat kagem Sang Yehuwah ana ing sakehe papan panggonanira.

4Iki dina-dina gedhe kang ditetepake dening Pangeran Yehuwah dina masamuwan suci, kang siji-sijine kudu sira undhangake ing kala mangsane.

5Ing sasi kapisan tanggal ping pat belas ing sasi iku, ing wayah sore iku Paskah kagem Sang Yehuwah.

6Ing sasi iku tanggal ping limalas iku dadi riyayane roti tanpa ragi sumaos marang Sang Yehuwah; pitung dina lawase sira padha mangana roti tanpa ragi.

7Ing dinane kang kapisan sira padha nganakna parepatan suci, sira aja nglakoni pagawean kang abot.

8Pitung dina lawase sira padha nyaosna kurban genenan marang Pangeran Yehuwah; ing dinane kang kapitu iya nganakna parepatan suci, sira aja padha nglakoni pagawean kang abot.”

9Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

10“Sira ndhawuhana marang wong Israel lan tutura: Samangsa sira wus lumebu ing tanah kang bakal Sunparingake marang sira, saben bubar panen, wiwitaning panenanira sabentel sira ladekna marang imam,

11bentelan iku banjur digoyangake dening imam ana ing ngarsane Sang Yehuwah, supaya Sang Yehuwah rena marang sira. Anggone nggoyangake ing dina sawuse sabat.

12Karodene ing dinane anggonira nggoyangake bentelan iku, sira nyawisna wedhus gembel siji kang tanpa cacad umur setaun; kanggo kurban obaran kobjuk marang Pangeran Yehuwah,

13karo kurbane dhaharan arupa glepung gandum pilihan rong prasepuluh efa diwori lenga, minangka kurban genenan, iku ganda kang gawe rena, sarta kurbane unjukan arupa anggur saprapat hin.

14Nganti tumeka ing dina iku sira aja padha mangan roti, gandum gorengan sangan utawa gandum anyar, nganti tumeka anggonira wus padha nyaosake kurbane Allahira mau; iku pranatan kang kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun ana ing sakehe papan panggonanira.

15Esuke sawuse dina sabat iku, iya iku dinane anggonira padha ngladekake bentelan pisungsung goyangan mau, sira padha ngetunga pitung minggu wutuh;

16sira ngetunga nganti tumeka ing dina sawuse sabat kang kaping pitune, iku seket dina, nuli sira padha nyaosna kurban dhaharan anyar konjuk marang Sang Yehuwah.

17Sira padha ngladekna roti kanggo pisungsung goyangan rong iji, saka ing omahira, kang digawe glepung pilihan rong prasepuluh efa, anggone mbakar sawuse dicampuri ragi, iku minangka pisungsung kawitan konjuk marang Pangeran Yehuwah.

18Roti mau sira kanthenana wedhus gembel pitu kang umur setaun kang tanpa cacad lan sapi lanang siji kang enom sarta wedhus gembel lanang loro, kabeh mau kagawea kurban obaran konjuk marang Sang Yehuwah, karo kurban dhaharan lan kurban unjukan, dadi kurban genenan kang gandane gawe renane Sang Yehuwah.

19Sawuse iku sira nyaosna wedhus berok lanang siji minangka kurban pangruwating dosa, lan wedhus gembel loro kang umur setaun kanggo kurban slametan.

20Iku banjur digoyangna dening imam bareng karo rotine pisungsung kawitaning panenan lan wedhuse gembel loro mau ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, dadi pisungsung suci sumaos marang Pangeran Yehuwah lan minangka bageane imam.

21Ing dina iku uga sira ngumumna yen iku dina gedhe lan nganakna kumpulan suci, sira aja padha nglakoni pagawean kang abot; iku pranatan kanggo ing salawase ana ing sakehe papan panggonanira turun-tumurun.

22Samangsa sira padha ngeneni pametune buminira, aja sira entekake nganti tekan ing pinggire palemahanira, lan kekarene panenanira aja sira asagi, iku katinggala kanggo wong miskin lan wong neneka; Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”

23Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

24“Sira ndhawuhana wong Israel mangkene: Ing sasi kapitu tanggal sapisan ing sasi iku, iku sira dadekna dina pangasoan, dina pangeling-eling kanthi swaraning kalasangka yaiku dina kumpulan suci.

25Sira aja padha nglakoni pagawean kang abot lan sira padha nyaosna kurban genenan marang Pangeran Yehuwah.”

26Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa:

27“Nanging tanggal kaping sepuluh ing sasi kang kapitu iku dadia dina pirukun; sira padha nganakna kumpulan suci, lan padha ngesorna awakira kalawan puwasa sarta padha nyaosna kurban genenan marang Pangeran Yehuwah.

28Ing dina iku sira aja padha nyambut gawe; awitdene iku dina pirukun kanggo nganakake pirukun tumrap sira ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah Allahira.

29Awitdene saben wong kang ora ngesorake awake kalawan puwasa ing dina iku, iku kudu kasirnakake saka ing antarane bangsane.

30Mangkono uga saben wong kang nindakake pagawean apa-apa ing dina iku, wong iku bakal Sunsirnakake saka ing satengahe bangsane.

31Sira aja padha nindakake pagawean; iku pranatan kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun, ana ing ngendi bae padununganira.

32Iku kadadekna sawijining sabat, dina ngaso babar pisan sarta sira ngesorna awakira kalawan puwasa. Wiwit saka malem tanggal sanga sasi iku, ing wayah suruping srengenge tumeka wayah suruping srengenge, sira padha ngriyayakna sabatira.”

33Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

34“Sira ndhawuhana marang wong Israel, mangkene: Ing sasi kapitu mau tanggale ping limalas, iku dina riyaya tarub kagem Pangeran Yehuwah lawase pitung dina.

35Ing dinane kang kapisan sira nganakna kumpulan suci, sira aja padha nglakoni pagawean kang abot.

36Pitung dina lawase sira padha nyaosna kurban genenan marang Sang Yehuwah lan ing dina kang kawolu sira padha nganakna kumpulan suci sarta nyaosna kurban genenan marang Pangeran Yehuwah. Iku dina gedhe kumpulan, ing dina iku sira aja nglakoni pagawean kang abot.

37Iku mau dina-dina riyaya kang ditetepake dening Pangeran Yehuwah kang kudu padha sira undhangake dadi dina kumpulan suci, sarta sira padha nyaosna kurban genenan marang Sang Yehuwah, yaiku kurban obaran lan kurban dhaharan, kurban sembelehan lan kurban unjukan, saben dina kehe miturut kang wus ditetepake kanggo ing dina iku.

38Iku mau kabeh durung kalebu dina-dina Sabate Pangeran Yehuwah, lan pisungsung-pisungsungira apadene sakehe kurban punaginira, kurbanira manasuka kang arep sira saosake marang Pangeran Yehuwah.

39Nanging ing sasi kapitu tanggale ping limalas, ing waktu nglumpukake pametune buminira, ing kono sira padha nganakna pahargyan sumaos marang Pangeran Yehuwah pitung dina lawase; dinane kapisan iku dina ngaso babar pisan, mangkono uga dinane kawolu, iku uga dina ngaso babar pisan.

40Ing dinane kapisan sira goleka woh-wohan kang becik-becik, papah-papah kurma, apadene carang-carange wit-witan kang ngrembuyung sarta wit gandarasa lan padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Allahira, pitung dina lawase.

41Sira padha ngriyayakna iku minangka pahargyan sumaos marang Pangeran Yehuwah, saben taun pitung dina lawase. Iku pranatan kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun. Iku sira riyayakna ing sasi kang kapitu.

42Pitung dina lawase sira padha manggona ing rerekan tarub, saben wong Israel asli padha manggona ing pepethan tarub iku,

43supaya turunira padha sumurup, yen wong Israel iku padha Sunpanggonake ana ing tarub-tarub, nalika wus padha Sunentasake saka ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.”

44Kaya mangkono dhawuhe Pangeran Yehuwah bab dina-dina gedhe kang katetepake dening Pangeran Yehuwah, kang kaundhangake dening Nabi Musa marang wong Israel.



 <<  Imamat 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel