Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 2 >> 

1Kaya mangkono iku rampunging dumadine langit, bumi lan saisine kabeh.

2Ing dina kang kapitu bareng Gusti Allah wus mungkasi pakaryane anggone yeyasa, ing dina kang kapitu banjur kendel anggone karya samubarang kang wus kayasa iku.

3Gusti Allah tumuli mberkahi dina kapitu iku lan disucekake, marga ing dina iku kendel anggone karya samubarang kabeh kang wus katitahake mau.

4Kaya mangkono caritane langit lan bumi nalika katitahake. Nalika Sang Yehuwah Allah akarya bumi lan langit, --

5durung ana thethukulan ing bumi lan durung ana tanem-tuwuh kang thukul ana ing ara-ara, marga Gusti Allah durung maringi udan marang bumi lan durung ana wong kang nggarap;

6mung ana pedhut mumbul saka ing bumi kang nelesi salumahing bumi, --

7nalika samana Sang Yehuwah Allah tumuli akarya manungsa, kang kinarya lebuning bumi, iku ing bolonganing irunge disebuli ambekaning urip; mangkono manungsa dadi titah kang urip.

Manungsa lan patamanan Eden

8Karodene Sang Yehuwah Allah yasa patamanan ana ing tanah Eden ing sisih wetan; ana ing kono anggone mapanake manungsa kang wus kadamel mau.

9Sang Yehuwah Allah banjur nukulake wit-witan rupa-rupa saka ing bumi, kang asri dineleng lan becik kanggo pangan, mangkono uga wit panguripan ana ing satengahing patamanan, sarta maneh wit pangawruhing becik lan ala.

10Ana bengawan mili saka ing tanah Eden kang mbanyoni patamanan mau, lan saka ing kono banjur cawang dadi papat:

11kang kapisan jenenge bengawan Pison, kang nekuk ngubengi tanah Hawila kang akeh pametune mas.

12Emas weton ing tanah kono iku becik. Ing kono iya ana blendok bedholah lan sotya soham.

13Bengawan kang kapindho aran: Gihon, iku kang iline nekuk ngubengi satanah Kusy.

14Bengawan kang katelu aran: Tigris, kang iline metu sawetane tanah Asyur; lan kaping papate iku bengawan Efrat.

15Sang Yehuwah Allah mundhut manungsa mau kapapanake ana ing patamanan Eden kakarsakake ngolah lan ngreksa,

16sarta Sang Yehuwah Allah banjur paring dhawuh marang manungsa mangkene: “Sawarnane wohing wit-witan ing patamanan iki kena sira pangan ing sasenengira,

17nanging wit pangawruhing becik lan ala iku wohe aja sira pangan. Dene samangsa sira mangan wohe, mesthi sira bakal mati.”

18Karomaneh ana pangandikane Sang Yehuwah Allah mangkene: “Ora prayoga manungsa iku yen ijen bae; Sunkaryakne rowang kang sembada dadi jodhone.”

19Nalika Sang Yehuwah Allah wus karya sarupane sato-kewan ing ara-ara lan sarupane manuk ing awang-awang saka lemah, banjur padha ditekakake ana ing sangarepe manungsa, karsane supaya pirsa kapriye anggone bakal njenengake, lan jeneng kang diwenehake manungsa marang sadhengah kang urip mau, iya iku dadia jenenge.

20Mangkono dadine manungsa menehi jeneng marang sarupane sato-kewan lan manuk ing awang-awang apadene marang sarupane sato ing ara-ara; mung manungsa kang durung duwe rowang kang sembada dadi jodhone.

21Nuli Sang Yehuwah Allah ndadekake manungsa turu kepati, lan sajrone turu dipundhut igane siji, dene tilas panggonane balung iga mau diiseni daging.

22Iga kang kapundhut saka ing manungsa mau banjur diwangun dening Sang Yehuwah Allah dadi wong wadon, banjur diajokake marang ing ngarepe manungsa.

23Ing kono pangucape manungsa: “Yaiki balung saka balungku lan daging saka dagingku, iku kaaranana wadon, awit kajupuk saka kang lanang.”

24Mulane wong lanang bakal ninggal bapa-biyunge lan rumaket marang bojone, sarta sakarone iku bakal dadi daging siji.

25Anadene manungsa lan bojone sakarone iku padha wuda, nanging ora rumangsa isin.



 <<  Kejadian 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel