Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 39 >> 

Yusuf ana daleme Sang Potifar

1Anadene Yusuf wus digawa menyang tanah Mesir, banjur dipundhut dening Sang Potifar, abdi daleme Sang Prabu Pringon, panggedhening prajurit tamtama, wong Mesir. Anggone mundhut saka wong-wong Ismael kang nggawa mrono.

2Nanging Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf, temah dadi wong kang tansah binarkahan ing sadhengah pagaweane, sarta kelilan manggon ing daleme bendarane, wong Mesir mau.

3Bareng bendarane ngreti yen Pangeran Yehuwah nunggil karo Yusuf, sarta sabarang kang digarap tumindak becik,

4temahan Yusuf oleh sihe bendarane kepareng dadi paladene. Malah nganti dipasrahi mengku dalem lan dipracaya nguwasani sabarang kagungane kabeh.

5Mangka wiwit nalika maringi pangwasa marang Yusuf mengku dalem lan sakabehe barang kagungane mau, Sang Yehuwah mberkahi daleme wong Mesir iku, sabab saka Yusuf, satemah berkahe Sang Yehuwah iku nyrambahi ing sabarang kagungane kabeh, dadia kang ana ing dalem, dadia kang ana ing pategalan.

6Sabarang kagungane kabeh dipasrahake marang pangwasane Yusuf, lan marga saka kabiyantu dening Yusuf Sang Potifar wus ora prelu ngatur apa-apa maneh kajaba mung kang didhahar piyambak. Anadene Yusuf iku tindak-tanduke ngresepake lan bagus rupane.

7Bareng wis sawatara mangsa, garwane bendarane mirsani Yusuf kalawan kagungan sir, sarta ngandika: “Ayo, turua karo aku!”

8Nanging Yusuf ora gelem lan matur marang bendarane putri: “Sapunika bendara kawula boten prelu ngatur punapa ingkang wonten ing salebeting dalem punika malih, sarta sadaya kagunganipun sampun dipun pasrahaken ing tangan kawula,

9malah ing salebeting dalem punika boten wonten ingkang boten dipun pasrahaken dhateng kawula, kajawi namung panjenengan dalem; margi panjenengan dalem punika garwanipun. Ingkang punika kados pundi anggen kawula badhe nglampahi piawon ageng makaten saha damel dosa dhateng Gusti Allah?”

10Lan sanadyan saben dina Yusuf tansah dibujuk, ewasamono Yusuf ora nuruti kang dadi karsane ndherek sare lan tumindak nistha karo panjenengane.

11Wasana ing sawijining dina kelakon Yusuf lumebu ing dalem arep nindakake pagawean, mangka ing jero dalem kono pinuju ora ana wong siji-sijia.

12Bendarane putri tumuli nggondheli klambine Yusuf kalawan ngandika: “Ayo turu karo aku!” Nanging Yusuf ninggal klambine ana ing astane bendarane putri mau sarta lumayu metu.

13Bareng bendarane putri mirsa yen klambine Yusuf ditinggal ana ing astane sarta wonge wus lumayu metu,

14tumuli bengok-bengok nimbali abdi-abdine kabeh, sarta dipangandikani: “Delengen! Wong Ibrani iku dilebokake ing panggonanku kene supaya aku padha dianggo dolanan. Iki mau nyedhaki aku, arep awor turu karo aku, nanging aku banjur bengok-bengok sarosaku.

15Bareng krungu aku mbengok seru banget, klambine ditinggal ana ing kene banjur enggal-enggal lumayu metu.”

16Klambine Yusuf iku diselehake ana ing sandhinge nganti sakondure bendarane.

17Sang Potifar iya diaturi uninga mangkono, ature: “Abdi tiyang Ibrani ingkang panjenengan lebetaken mriki punika murugi kula badhe dipun sembranani.

18Nanging sareng kula bengok-bengok, rasukanipun lajeng dipun tilar wonten sandhing kula, sarta tumunten mlajeng medal.”

19Bareng bendarane midhanget ature kang garwa: “Makaten lan makaten pandamelanipun abdi panjenengan dhateng kula,” temah bendarane muntab dukane.

20Yusuf tumuli dicekel dening bendarane lan dilebokake ing pakunjaran, papan kanggo nahan wong-wong kang kaluputan marang Sang Prabu. Kaya mangkono anggone Yusuf kinunjara.

21Nanging Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf, kaparingan sih lan diolehake ati saka panggedhene pakunjaran.

22Panggedhe pakunjaran mau nganti mracayakake sakehe tahanan marang pangreksane Yusuf, lan sakehe pagawean kang kudu ditindakake ana ing kono, iya Yusuf kang ngurus.

23Panggedhe pakunjaran wus ora ngawruhi apa-apa tumrap samubarang kang wus dipasrahake marang Yusuf, marga Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf lan apa kang ditindakake iku dilestarekake dening Sang Yehuwah.



 <<  Kejadian 39 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel