Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 44 >> 

Tuwunge Sang Yusuf ilang lan ketemu maneh

1Sawuse mangkono Sang Yusuf banjur dhawuh marang kang nguwasani daleme, pangandikane: “Bagore wong-wong iku isinana gandum ing sakuwate anggone nggawa, lan dhuwite siji-sijine dokokna ing jero bagor tumumpang ing dhuwure.

2Lan tuwungku, tuwung selaka iku dokokna ing jerone bagore kang wuragil tumpangna ing dhuwur dalah dhuwit patukone gandum.” Abdi mau iya banjur nglakoni apa sadhawuhe Sang Yusuf.

3Esuke bareng wus bangun raina, para sadhereke Sang Yusuf dililani budhal dalah kuldi-kuldine.

4Nanging lagi tekan sajabane kutha, durung adoh, Sang Yusuf dhawuh marang abdi kang nguwasani daleme: “Dienggal, wong-wong mau oyaken, dene samangsa wus kecandhak padha tuturana mangkene: Yagene kowe males ala marang panggawa becik?

5Iki rak tuwung pangunjukane gustiku, lan kang adate kagem mbebedhek? Ala temen pratingkahmu kang mengkono iku.”

6Bareng wus padha ketututan, iya banjur dituturi kaya saprentahe Sang Yusuf.

7Para sadhereke Sang Yusuf banjur padha mangsuli: “Kadospundi bendara kok ngandika makaten? Tinebihna saking kula sadaya, manawi ngantos nglampahana pratingkah kados makaten punika!

8Lah arta anggen kula manggih wonten lebet bagor tumumpang ing nginggil, sampun kula bekta wangsul saking tanah Kanaan katur panjenengan, kados pundi dene kula ngantos mendhet mas utawi salaka saking dalemipun gusti panjenengan?

9Sinten ingkang pinanggih kanggenan tuwung punika, mugi kapejahana, saha kula sadaya dadosa abdinipun gusti kula.”

10Pangucape utusan mau: “Usulmu iku becik! Sapa kang ketemu kanggonan tuwung, iku dadi budhakku, lan liya-liyane padha ora salah.”

11Tumuli siji-sijine enggal ngudhunake bagore ana ing lemah, sarta mbukaki bagore dhewe-dhewe.

12Utusan mau banjur wiwit nggledhahi kanthi njlimet, kawiwitan saka kang tuwa nganti tumeka kang nom; wasana tuwunge ketemu ana ing bagore Benyamin.

13Tumuli kabeh padha nyuwek panganggone, sarta siji-sijine padha ngemoti kuldine maneh, banjur padha bali menyang nagara.

14Bareng Yehuda lan para sadulure padha tekan ig daleme Sang Yusuf, Sang Yusuf isih ana ing kono, tumuli padha sumungkem ing bumi ana ing ngarsane.

15Sang Yusuf banjur ngandika marang para sadhereke: “Pratingkah apa kang padha koklakoni iku? Apa kowe padha ora ngreti, yen wong kaya aku iki mesthi bisa mbedhek?”

16Ature Yehuda: “Kawula badhe munjuk punapa dhateng gusti kawula? Punapa iangkang badhe kawula lairaken? Saha kados pundi anggen kawula badhe ngleresaken badan kawula? Gusti allah sampun melehaken dhateng abdi dalem sadaya, lan kawula sami dados abdinipun gusti kawula, inggih kawula sadaya, inggih ingkang pinanggih kanggenan tuwung punika.”

17Nanging pangandikane Sang Yusuf: “Iku adoha saka aku yen ta aku nganti nindakake kang mangkono! Wong kang ketemu kanggonan tuwung iku bae kang dadi budhakku, nangging kowe kabeh muliha menyang panggonane bapakmu kalawan slamet.”

Yehuda mbelani Benyamin

18Yehuda tumuli maju nyedhak sarta matur: “Kawula nuwun, dhuh gusti, abdi dalem mugi keparenga munjuk atur sakedhik wonten ngarsanipun gusti kawula, saha mugi sampun ngantos duka dhateng abdi dalem; amargi panjenengan dalem punika sami kados Sang Prabu Pringon.

19Kala rumiyin gusti kawula ndangu dhateng ingkang abdi: Apa kowe isih padha duwe bapa utawa isih duwe sadulur?

20Kawula lajeng munjuk dhateng gusti kawula: Inggih, abdi dalem taksih sami gadhah bapa ingkang sampun sepuh, sarta taksih wonten jejaka ingkang lairipun nalika pun bapa sampun sepuh; kakangipun sampun tilar donya, namung kantun satunggal punika ingkang tunggil biyung, mila lare wau sanget dipun tresnani dening bapa kawula.

21Panjenengan dalem tumunten ngandika dhateng para abdi dalem: Adhimu iku gawanen seba menyang ngarepku kene, supaya aku bisa weruh.

22Kawula lajeng munjuk dhateng gusti kawula: Pun adhi temtu boten saged nilar bapa kawula, saupami bapa kawula katilar temtu nemahi pejah.

23Ing ngriku panjenengan dalem ngandika malih dhateng para abdi dalem: Manawa adhimu kang wuragil iku ora melu kowe mrene, kowe padha ora kena sowan marang ing ngarsaku maneh.

24Wondene sareng kawula sampun sami wangsul wonten ing ngajenganing abdi dalem, bapakipun dalem, tumunten kawula cariyosi menggah dhawuh pangandikanipun gusti kawula.

25Bapa kawula lajeng wicanten: Padha balia maneh, nempura sathithik kanggo kita.

26Nanging kawula lajeng sami mangsuli: Kula boten saged mrika malih. Manawi adhi kula ingkang wuragil tumut, kula inggih badhe mangkat mrika, margi kula boten kalilan sowan dhateng ngarsanipun priyagung punika, manawi adhi kula ingkang wuragil boten tumut.

27Abdi dalem bapa kawul atumunten wicanten dhateng kawula: Kowe padha ngreti yen bojoku iku anggone duwe anak karo aku mung loro.

28Kang siji wus lunga ora bali, pangiraku: temtu wus ditubruk ing sato galak, saprene aku wus ora weruh maneh.

29Yen bocah sijine iku padha kokgawa lunga pisah karo aku, mangka ngalami kacilakan, dadine kowe kang padha njalari aku kang wus uwanen iki mudhun menyang ing teleng palimengan marga saka cilaka.

30Ingkang punika saupami kawula wangsul ing ngajengipun abdi dalem, bapa kawula, pun adhi boten tumut sareng kaliyan kawula, mangka bapa kawula punika boten saged gesang tanpa lare punika,

31temtu badhe kadadosan, manawi sumerep pun adhi boten wonten, temtu lajeng nemahi pajah, sarta kawula sasedherek ingkang njalari abdi dalem bapa kawula ingkang sampun uwanen punika mandhap dhateng ing teleng palimengan margi saking sedhih.

32Nanging abdi dalem ingkang nanggel lare punika wonten ing ngajengipun bapa kawula; atur kawula makaten: Manawi pun adhi boten kula antukaken wonten ing ngarsanipun bapak, kula ingkang nandhang dosa dhateng bapak ing salaminipun.

33Milanipun sapunika mugi abdi dalem kalilana kantun dados abdinipun gusti kawula minangka gegentosipun lare punika, sarta lare punika mugi keparengna lumampah wangsul sareng kaliyan para sadherekipun.

34Awitdene kados pundi anggen kawula saged lumampah wangsul pinanggih bapa kawula, manawi lare punika boten tumut sareng kaliyan kawula; kawula boten mentala ningali kasisahan ingkang badhe tumempuh dhateng bapa kawula.”



 <<  Kejadian 44 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel