Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 8 >> 

Suruding banjir

1Gusti Allah tumuli ngengeti marang Rama Nuh lan marang sarupane kewan alasan lan kewan ingon-ingon kang padha melu ana ing sajrone prau; sarta Gusti Allah ndhatengake angin ana ing bumi, temah banyune wiwit surud.

2Karodene umbuling samodra-raya lang cendhelaning langit padha ditutup, sarta udan deres saka ing langit banjur terang,

3temahan banyune saka sathithik larud saka ing bumi, dadine saya angok sawuse antara satus seket dina mau.

4Nalika sasi kapitu tanggal kaping pitulas, praune kandhas ana ing pagunungan Ararat.

5Banyune tansah saya suda-suda nganti tekan sasi sapuluh. Bareng sasi sapuluh tanggal sapisan, pucake gunung-gunung wiwit padha katon.

6Kacarita bareng wus kelakon patang puluh dina, Rama Nuh ngengakake cendhelaning prau yasane,

7sarta nguculake manuk gagak, iku mabur bola-bali nganti tekan asate banyu saka ing bumi.

8Sawuse mangkono banjur ngeculake manuk dara, karsane ngyektosi apa banyune wus surud saka ing lumahing bumi,

9nanging sarehne dara mau ora oleh pencokan kanggo tlapakane sikile, mulane bali marang ing ngarsane Rama Nuh menyang ing prau maneh, marga salumahing bumi isih warata katutupan banyu. Rama Nuh banjur mulung astane, ngasta manuk dara mau dilebetake ing prau.

10Nuli ngentosi pitung dina engkas, darane banjur dieculake maneh saka ing prau.

11Barang wayah sore dara mau bali karo nggondhol godhong jaitun kang isih seger ana ing cucuke; dadine Rama Nuh mirsa yen banyune wis meh asat saka ing bumi.

12Sawuse iku ngentosi maneh pitung dina, darane tumuli dieculake, nanging wus ora bali marang ing ngarsane Rama Nuh maneh.

13Nalika yuswane Rama Nuh ganep nem atus siji taun, ing sasi kapisan tanggal sapisan, banyune wis larud saka ing bumi. Rama Nuh banjur mbikak payone prau, sarta mirsa yen lumahe bumi wus asat.

14Lan nalika sasi kapindho tanggal pitulikur bumine wus gasik.

15Gusti Allah tumuli ngandika marang Rama Nuh, dhawuhe:

16“Sira metua saka ing prau, sira dalah somahira, anakira lan somahe anakira.

17Mangkono uga sarupane sato-kewan kang melu sira, kabeh kang urip dadia bangsane manuk, bangsane kewan ingon-ingon, kewan kang rumangkang nlosor lan kang gumremet ana ing bumi, iku padha sira wetokna bebarengan karo sira; kareben padha ngambra-ambra ana ing bumi lan bebranahan, tangkar-tumangkar ana ing bumi.”

18Rama Nuh banjur miyos dalah para putrane, garwane lan garwane para putrane,

19apadene sarupane buron alas, kewan kang nlosor lan gumremet, sarta sakehing manuk, iya sakabehe kang mobah-mosik ana ing bumi mawa-mawa jinise, kabeh padha metu saka ing prau.

20Rama Nuh tumuli yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah, sarta mundhut panunggalane kewan ingon-ingon kang kalal lan bangsa manuk kang kalal disaosake dadi kurban obaran ana ing misbyah mau.

21Bareng Sang Yehuwah mambet ganda arum, tumuli ngunandika mangkene: “Ing sabanjure Ingsun ora bakal nyupaosi bumi maneh jalaran saka manungsa, marga saobah-osiking atine manungsa iku dhasar ala wiwit nom mula; sarta ing sabanjure Ingsun numpes maneh marang sarupane kumelip, kaya kang wus Suntindakake.

22Salawase bumi ana, mesthi bakal ora kendhat mangsane nyebar lan panen, mangsa atis lan panas, ketiga lan rendheng, rina lan wengi.”



 <<  Kejadian 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel