Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 29 >> 

Bab wisudhan imam

1“Anadene anggonira nucekake Harun lan para anake supaya ngimamana lumados marang Ingsun iku patrape mangkene: Sira njupuka sapi lanang nom siji lan wedhus gibas lanang loro kang tanpa cacat,

2roti tanpa ragi lan roti bunder iya tanpa ragi, diolah nganggo lenga, roti tipis tanpa ragi dioseri lenga, kabeh iku kang kagawe kudu glepung gandum pilihan.

3Iku kabeh sira wadhahana cething siji, nuli sira saosna sacethinge, mangkono uga sapine lanang sarta wedhuse lanang loro mau.

4Harun lan anak-anake padha ajokna marang ngarepe lawangan Tarub Pasewakan lan sira wisuhana banyu.

5Sawuse mangkono sira njupuka sandhangane, sarta Harun sira anggonana kemejan, jubahing klambi efod lan kotang efod apa maneh tutup dhadha; tumuli efod sira singsetana klawan sabuk klambi efod;

6sirahe sira etrapana serban lan blebekan suci kapasanga ing serban mau.

7Sawuse mangkono sira njupuka lenga jebad kaesokna ing sirahe, dadi sira jebadana.

8Mangkono uga anak-anake padha sira ajokna, sira anggonana kemejan,

9lan sira anggonana sabuk, iya Harun lan anak-anake, tuwin anggonana iket ing sirahe, kalawan mangkono banjur padha kaparingan kalungguhan imam, iku katetepan kanggo ing salawase. Kaya mangkono anggonira misudha Harun dalah anak-anake.

10Sapine lanang mau nuli sira ajokna menyang ing ngarepe Tarub Pasewakan, Harun lan anak-anake banjur padha numpangna tangane ing endhase sapi iku,

11sapine nuli kasembeleha ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe lawange Tarub Pasewakan.

12Sira banjur njupuka getihe sapi lanang mau sathithik, leletna ing sungune misbyah kalawan drijinira, dene getih turahane sira esokna kabeh ing misbyah perangan ngisor.

13Sakehe gajih kang nutupi jeroan, gombyoking ati, ginjel loro pisan tekan gajihe, iku sira obonga ana ing misbyah.

14Nanging daginge, lulange lan reregede iku kudu sira obong ana ing sajabane palereban, iku dadi kurban pangruwating dosa.

15Sawuse mangkono sira njupuka wedhus lanang kang siji, Harun lan anak-anake padha numpangna tangane ing endhase wedhus mau,

16wedhus mau banjur kasembeleha, getihe sira siramna ing saubenge misbyah.

17Wedhuse katengkel-tengkela manut perang-perangane, jeroane lan sampile kakumbaha lan kaselehna ing dhuwure tengkelan-tengkelan mau, lan ing sadhuwure endhase.

18Wedhus lanang iku kabeh banjur kaobonga ana ing misbyah, iku kurban obaran, pisungsung arum kang konjuk marang Pangeran Yehuwah, yaiku kurban geni kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah.

19Sawuse iku sira nuli njupuka wedhus lanang sijine, endhase ditumpangana tangane Harun dalah anak-anake.

20Wedhuse banjur kasembeleha, lan getihe salong kaleletna sathithik ing godhohing kupinge Harun kang tengen, uga ing godhohing kupinge anak-anake Harun, ing jempole tangane tengen, lan jempole sikile tengen, dene getih liyane sira siramna ing saubenge misbyah.

21Getih kang ana ing misbyah iku kajupuka sathithik karo lengane jebad sathithik, sira kepyurna marang Harun lan ing sandhangane, sarta uga marang anak-anake lan sandhangane. Marga saka mangkono Harun lan sandhangane, banjur bakal dadi suci, samono uga anak-anake lan sandhangane.

22Wedhus lanang mau banjur kajupuka gajihe, buntute kang mawa gajih, karodene gajih kang nutupi jeroane, gombyoking atine, ginjele karo pisan dalah gajihe, sampile tengen, awit iku wedhus lanang pisungsung wisudhan,

23sira uga njupuka roti tipis siji, roti bunder siji kang kaworan lenga sarta roti tipis siji saka cething kang isi roti tanpa ragi, kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

24Iku kabeh sira selehna ing epek-epeke Harun lan epek-epeke anak-anake, tumuli sira saosna kabeh dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.

25Sawuse mangkono kabeh banjur tampanana saka tangane, nuli kaobonga ana ing misbyah yaiku ing sadhuwure kurban obaran, minangka pisungsung kang arum ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, iku kurban geni sumaos marang Pangeran Yehuwah.

26Sabanjure sira njupuka dhadhane wedhus lanang iku kang kanggo misudha Harun, kang banjur sira saosna dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, iku dadia pandumanira.

27Dadine sira kudu nucekake dhadhane pisungsung goyangan lan sampile pisungsung-mligi saka wedhus lanang kang kanggo misudha Harun lan anak-anake.

28Iku dadia pandumane Harun lan anak-anake miturut tatanan kanggo wong Israel ing salawas-lawase, awitdene iki pisungsung kusus, mulane iku kudu dadi pisungsung kusus saka wong Israel, kang kajupuk saka kurbane slametan, dadi pisungsung kusus konjuk marang Sang Yehuwah.

29Sandhangan suci panganggone Harun iku iya dadia panganggone anak-putune, dianggoa samangsa padha dijebadi lan ditahbisake.

30Turune kang nggenteni dadi imam, kang bakal lumebu ing Tarub Pasewakan perlu nindakake pangibadah ana ing pasucen, iku ngantia pitung dina lawase anggone nganggo sandhangan mau.

31Wedhus lanang pisungsung tahbisan iku daginge kajupuka sarta diolaha ana ing panggonan kang suci.

32Harun dalah anak-anake padha mangana daging wedhus iku karo roti kang ana ing cething ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan.

33Harun lan anak-anake kudu mangan iku kabeh, marga iku dadi sarana panebuse nalika diwisudha lan disucekake, nanging wong liyane aja ana kang melu mangan, marga kabeh iku pisungsung suci.

34Daginge pisungsung tahbisan lan rotine iku, manawa ana turahane nganti tumeka esuke, iku kaobonga, aja dipangan, marga kabeh iku pisungsung suci.

35Dadi Harun lan anak-anake iku kudu sira tanduki kaya saprentahingSun marang sira, sajroning pitung dina lawase anggonira nahbisake.

36Saben dina sira kudu ngolah sapi lanang siji minangka kurban pangruwating dosa kanggo nganakake karukunan sarta misbyah iku kudu sira sucekake kanthi nganakake karukunan kanggo iku; sarta sira jebadana supaya dadi suci.

37Pitung dina lawase anggonira nganakake karukunan kanggo misbyah iku, misbyah iku kudu sira sucekake, satemah bakal dadi suci pinunjul; sadhengah wong kang nggepok misbyah iku bakal dadi suci.”

Bab kurban esuk lan kurban sore

38“Anadene kang kudu sira kurbanake ing misbyah iku: cempe loro kang umur nyetaun, ajeg saben dina.

39Cempe kang siji sira saosna ing wayah esuk lan cempe sijine sira saosna ing wayah sore.

40Cempe sijine kaolaha karo glepung kang becik saprasapuluh efa lan lenga dheplokan saprapat hin, sarta kurban unjukan rupa anggur saprapat hin.

41Cempe sijine kaolaha ing wayah sore; padha kaya kurban dhaharan lan kurban unjukan ing wayah esuk, iku kaolaha minangka pisungsung kang arum, kurban geni kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah,

42iku kurban obaran kang ajeg ana ing tengahira nganti turun-tumurun, kang kasaosake ing ngareping lawange Tarub Pasewakan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah. Marga ana ing kono anggoningSun bakal manggihi sira sarta ngandika marang sira.

43Ana ing kono anggoningSun bakal manggihi wong Israel, temah panggonan iku bakal kasucekake dening kamulyaningSun.

44Mangkono Ingsun bakal nucekake Tarub Pasewakan lan misbyah iku, sarta Harun lan anak-anake iya bakal Sunsucekake, supaya padha dadia imam lumados marang Ingsun.

45Karodene Ingsun bakal dedalem ana ing tengahe wong Israel sarta Ingsun bakal jumeneng Allahe.

46Ing kono banjur bakal padha weruh, yen Ingsun iki Yehuwah Allahe, kang wus ngirid metu saka ing tanah Mesir, supaya Ingsun dedalem ana ing tengahe, iya Ingsun iki Yehuwah, Allahe.”



 <<  Keluaran 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel