Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 32 >> 

Pedhet emas

1Nalika bangsa iku sumurup, yen Nabi Musa nganti lawas ora mandhap-mandhap saka ing gunung, banjur padha nglumpuk ana ing ngarsane Rama Harun, ature: “Sumangga, kula panjenengan damelaken allah, ingkang badhe tindak wonten ing ngajeng kula; margi Musa, ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir punika, kula sami boten mangertos kadadosanipun.”

2“Pangandikane Rama Harun marang wong-wong mau: Kowe padha nyopotana anting-anting mas kang ana ing kupinge somahmu, lan anak-anakmu lanang lan wadon, nuli gawenen mrene kabeh.”

3Ing kono wong akeh banjur padha nyopoti anting-antinge mas kang ana ing kupinge somahe lan anak-anake, sarta diaturake marang Rama Harun.

4Sawuse Rama Harun nampeni iku mau kabeh, tumuli didhapur sarana katatah dadi pepethan pedhet cor-coran. Ing kono pangucape wong akeh: “He Israel! Iku allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir.”

5Bareng Rama Harun mirsa, banjur yasa misbyah ana ing sangarepe pepethan pedhet iku, Rama Harun nuli nguwuh: “Sesuk riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah!”

6Esuke tumuli padha tangi sarta nyajekake kurban obaran lan kurban slametan, sawuse mangkono wong mau banjur padha mangan lan ngombe, nuli ngadeg sarta asumyak-sumyak.

7Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira mangkata, mudhuna, awitdene bangsanira kang wus sira irid lakune metu saka ing tanah Mesir iku wus tumindak duraka.

8Enggal temen anggone nyleweng saka dalan kang wus Suntedahake; wus padha gawe reca pedhet mas cor-coran, sarta iku banjur padha disujudi lan disajeni kurban, klawan pangucape: He Israel, iki allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir.”

9Karomaneh pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Ingsun wus nyatitekake bangsa iki, lah iki bangsa kang wangkal.

10Kang iku sira eklasa, bebenduningSun mulad-mulad bakal numpes bangsa iku, nanging sira bakal Sundadekake bangsa gelengan gedhe.”

11Nanging Nabi Musa banjur ngudi nglilihake panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, unjuke: “Dhuh Yehuwah, punapaa bebendu Paduka ngantos mulad-mulad dhateng umat Paduka, ingkang sampun Paduka irid medal saking tanah Mesir kanthi pangwaos ingkang ageng saha asta ingkang rosa?

12Punapaa dene tiyang Mesir ngantos sami badhe reraosan: Anggone ngirid wong iku arep digawe sangsara lan arep dipateni ana ing gunung lan bakal ditumpes kasirnakake saka ing bumi? Paduka mugi karsaa nyirep mulad-mulading bebendhu Paduka, saha karsaa nggetuni bab bilai ingkang badhe Paduka dhawahaken dhateng umat Paduka.

13Paduka mugi karsaa enget dhateng abdi Paduka, Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Israel, ingkang sampun Paduka paringi prasetya kanthi supaos dhemi sarira Paduka pribadi saha sami Paduka pangandikani: Turunira bakal Suntangkar-tangkarake nganti kaya lintang ing langit, lan tanah kang wus Sunjanjekake iku kabeh bakal Sunparingake marang turunira, supaya dadi darbeke ing salawas-lawase.”

14Ing kono Pangeran Yehuwah apiduwung ing bab bilai kang wus karancang bakal katandukake marang umate.

15Nabi Musa tumuli mundur, mandhap saka ing gunung karo ngasta papan angger-angger loro, papan kang padha kaseratan sisih loro pisan, ing ngarep lan ing buri.

16Papan loro mau yasane Gusti Allah, tulisane iya seratane Gusti Allah pribadi, kaukir ana ing papan mau.

17Bareng Yusak krungu giyak-giyake wong akeh, banjur matur marang Nabi Musa: “Ing palereban kepireng swara suraking perang!”

18Nanging pangandikane Nabi Musa: “Iku dudu swaraning kidung kaunggulan lan iya dudu kidung pangadhuh marga kasoran, aku krungu swarane kidung saur-sauran.”

19Kacarita bareng wus cedhak ing palereban, sarta mirsa reca pedhet lan wong-wong padha jejogedan, Nabi Musa banjur duka banget, nganti papan watu loro mau dibanting, temah pecah ana ing sikile gunung.

20Reca pedhet gaweane wong-wong mau banjur dipundhut dening Nabi Musa, diobong sarta diejur-ejur nganti dadi lembut banget, tumuli disawurake ing banyu lan wong Israel padha didhawuhi ngombe banyu iku.

21Nabi Musa tumuli ngandika marang Rama Harun: “Bangsa iki nandukake apa marang kowe, dene kowe nganti nekakake dosa kang samono gedhene marang wong-wong iki?”

22Nanging wangsulane Rama Harun: “Sampun ngantos duka bendara kula, panjenengan pirsa piyambak bilih bangsa punika sampun kawengku ing piawon,

23cariyosipun dhateng kula makaten: Kula mugi panjenengan damelaken allah ingkang badhe tindak wonten ngajeng kula, awitdene Musa ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir, kula boten sumerep kedadosanipun.

24Kula lajeng mangsuli makaten: Sapa kang duwe mas dicopota! Tiyang-tiyang wau lajeng ngladosaken masipun dhateng kula, lajeng kula lebetaken ing latu, ingkang muncul reca pedhet punika.”

25Bareng Nabi Musa mirsa yen bangsa iku kaya jaran kang mbedhal saka ing gedhongan, marga Rama Harun kang ngeculake, temah dadi pepoyokane para satrune.

26Nabi Musa banjur jumeneng mapan ana ing gapurane palereban sarta ngandika: “Sing sapa nganggep marang Pangeran Yehuwah, majua mrene!” Ing kono bani Lewi padha maju kabeh marang ing ngarsane Nabi Musa.

27Nuli padha kadhawuhan: “Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel mangkene: Kabeh padha nyengkelita pedhang ana ing lambungmu, palerebane padha dlajahana saka ing gapura siji terus tekan ing gapura sijine, lan saben wong matenana sadulure, kancane lan tangga-teparone!”

28Wong bani Lewi banjur padha ngestokake apa sadhawuhe Nabi Musa, temah ing dina iku panunggalane umat kang padha mati watara wong telung ewu.

29Sawuse mangkono Nabi Musa tumuli ngandika: “Wiwit samengko kowe padha misungsungna awakmu marang Pangeran Yehuwah, siji-sijine padha misungsungna nyawane anake lanang lan sadulure, temah kowe padha kaparingan berkah ing dina iki.”

30Esuke Nabi Musa ngandika marang bangsa iku: “Kowe wus padha nglakoni dosa gedhe, nanging saiki aku dakmunggah seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, bokmanawa aku bisa ngolehake karukunan marga saka dosamu iku.”

31Nabi Musa banjur sowan marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah sarta munjuk: “Adhuh, bangsa punika sampun nglampahi dosa ageng, dene sampun sami damel allah mas kangge sesembahan.

32Ewasamanten sapunika Paduka mugi karsaa ngapunten dosanipun, dene manawi boten kepareng, nama kawula kemawon mugi Paduka icali saking kitab seratan Paduka.”

33Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Wong kang gawe dosa marang Ingsun, iku kang Sunbusek jenenge saka ing kitabingSun.

34Nanging samengko wis, sira lungaa, bangsa iku kairida menyang panggonan kang wus Sundhawuhake marang sira, lan malaekatingSun kang bakal lumaku ana ing ngarepira; nanging ing dina piwalesingSun, Ingsun bakal paring piwales tumrap dosane marang wong-wong iku.”

35Mangkono Pangeran Yehuwah anggone matrapi bangsa iku, awit wus padha akon gawe pedhet, kang banjur kayasa dening Rama Harun mau.



 <<  Keluaran 32 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel