Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 38 >> 

Gawe misbyah kurban obaran

1Bezaleel iya gawe misbyah kurban obaran kayu sittah, dawane limang asta, ambane iya limang asta, dadi pesagi, nanging dhuwure telung asta.

2Nuli kagawekake sungu kang padha dipasang ana ing pojokane papat iras-irasan karo misbyahe, banjur diblongsong tembaga.

3Karomaneh iya gawe sakehe pirantine misbyah mau, arupa: kuwali, sorok, bokor panyiraman, porok apadene anglo; iku kabeh kang digawe tembaga.

4Misbyah mau iya digawekake krawangan dhapur jala tembaga, kaetrapake ing sangisore wengkune, wiwit saka ngisor tekan ing saparone dhuwure.

5Sarta iya gawe gelangan cor-coran papat dipasang ing pojoke papat krawangan tembaga mau, kanggo slobokan pikulan.

6Pikulan mau kang digawe kayu sittah lan diblongsong tembaga.

7Pikulane tumuli dislobokake ing gelangan kang kaprenah ing lambunge misbyah, supaya bisa kausung. Misbyah mau kang digawe blabag, ing jerone growong.

Gawe padasan

8Nuli yasa wadhah banyu lan uga tadhahane kang digawe tembaga, pangilone para wong wadon kang padha ngladeni pagawean ana ing ngarepe lawang Tarub Pasewakan.

Yasa plataran

9Karomaneh Bezaleel iya gawe plataran ana ing sisih kidul; gebere plataran mau lena alus tenunan kang benange kaantih, dawane satus asta;

10cagake klambu rong puluh lan ompake iya rong puluh padha tembaga, nanging canthelane cagak lan sunduke selaka.

11Ing sisih lor iya satus asta; cagake geber rong puluh lan ompake rong puluh padha tembaga, canthelane cagak lan sunduke salaka.

12Ing sisih kulon: dawane geber seket asta, cagake sapuluh, ompake sapuluh, canthelane lan sunduke salaka.

13Lan ing sisih wetan seket asta,

14yaiku geber kang ana ing sisihe gapura dawane limalas asta, cagake telu ompake telu;

15lan ing sisih sijine gapura iku dadi sisih-sisihan ana ing gapuraning plataran -- ana gebere limalas asta, cagake telu ompake telu.

16Sakehe geber ing saubenge plataran iku padha lena alus tenunan kang benange kaantih.

17Ompake cagak-cagak iku tembaga, nanging canthelane lan sunduke selaka, ing dhuwure iya kablongsong ing salaka. Sakehe cagak plataran iku padha kasambung kalawan sunduk salaka.

18Geber gapura plataran iku tenunan alus manca-warna, kang kagawe bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan bahane lena alus kang benange kaantih: dawane rong puluh asta, nanging dhuwure lan ambane nglimang asta, padha karo klambuning plataran.

19Cagak papat lan ompake papat iku padha tembaga, nanging canthelane salaka, ing dhuwure cagak uga padha kablongsong salaka, mangkono uga sunduke iya salaka.

20Anadene sakehe pathok kang kanggo ing Tarub Suci lan plataran iku padha tembaga.

Wragad kanggo ngadegake Tarub Suci

21Iki pratelan bab wragad kanggo ngadegake Tarub Suci, yaiku Tarub Suci kang isi angger-anggere Gusti Allah digawe awit saka prentahe Nabi Musa, dening para bani Lewi kapimpim Itamar, putrane Rama Harun.

22Bezaleel bin Uri bin Hur saka Taler Yehuda, iku kang nggarap sabarang kang diprentahake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa,

23kabiyantu dening Aholiab bin Ahisamakh, saka taler Dhan, wong kang ahli ing gegawean, baud gawe tenunan manca-warna nganggo lawe wungu tuwa, wungu nom, jingga lan lena alus.

24Kabeh mas kang kanggo yasa pasucen, iku mas pisungsung-mligi, gunggunge ana sangalikur talenta punjul pitung atus telung puluh sekel miturut timbangan pasucen.

25Anadene salaka pisungsunge wong kang kadaftarake saka ing satengahe pasamuwan, iku gunggunge ana satus talenta punjul sewu pitung atus pitung puluh lima sekel, miturut timbangan pasucen:

26saben wong siji sabeka, yaiku setengah sekel, ditimbang miturut sekelan pasucen, saka saben wong kang padha kedaftar, kang umure rong puluh taun munggah, gunggunge wong nem atus telung ewu limang atus seket.

27Salaka mau kang satus talenta dicithak dadi ompak-ompak pasucen lan ompak klambu. Salaka satus talenta kanggo ompak satus iji, dadi satalenta kanggo ompak siji.

28Salaka kang sewu pitung atus pitung puluh lima sekel iku dianggo gawe canthelan-canthelan cagak, kanggo blongsong cagak perangan kang dhuwur, karomaneh cagak mau padha kasambung kalawan sunduk.

29Mungguh tembaga pisungsung-mligi iku gunggunge ana pitung puluh talenta punjul rong ewu patang atus sekel.

30Tembaga mau dianggo gawe ompake lawang Tarub Pasewakan, misbyah dalah krawangane lan sakehe pirantine misbyah mau,

31ompak-ompak ing saubenge plataran, ompaking gapurane plataran iku, sakehe pathok-pathoking Tarub Suci lan sakehe pathok plataran ing saubenge.



 <<  Keluaran 38 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel