Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 40 >> 

Nabi Musa ngadegake Tarub Suci

1Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa, mangkene:

2“Ing sasi kapisan tanggal sapisan sira ngadegna Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan.

3Pethine angger-angger banjur sira prenahna ana ing kono, sarta sira aling-alingana geber.

4Sawuse mangkono mejane sira lebokna lan sira tatanana pirantine miturut prenahe. Padamarane sira lebokna sarta damar-damare sira pasangana.

5Misbyahe padupan mas sira prenahna ana ing ngarepe pethi angger-angger, nuli sira pasangana wrananing Tarub Suci.

6Misbyahe kurban obaran sira prenahna ana ing sangarepe lawang Tarub Suci yaiku Tarub Pasewakan.

7Wadhahe banyu sira prenahna ana ing antarane Tarub Pasewakan lan misbyah iku, banjur sira isenana banyu.

8Sawuse mangkono sira gawea platarane mubeng, lan wranane kapasanga ana ing gapurane plataran.

9Nuli sira njupuka lenga jebad, Tarub Suci dalah saisine padha sira jebadana; mangkono anggonira nucekake iku dalah sapirantine, satemah padha dadia sengkeran.

10Misbyah kurban obaran iku iya sira jebadana dalah sapirantine kabeh, mangkono anggonira nucekake misbyah iku, temah iku dadi sengkeran kang pinunjul.

11Padasan dalah saompake iku sira jebadana, lan mangkono anggonira nucekake iku.

12Harun lan para anak-anake sira ajokna menyang ing lawanging Tarub Pasewakan, padha sira sucekna klawan banyu.

13Harun tumuli sira anggonana sandhangan suci, nuli sira jebadana lan sira sucekna supaya banjur nglakonana pagaweaning imam lumadi marang Ingsun.

14Mangkono uga anak-anake padha sira ajokna lan sira anggonana kemejan,

15nuli sira jebadana, kaya anggonira njebadi bapakne, supaya padha nindakna pagaweaning imam lumadi marang Ingsun; lan anggone iki katindakake iku, supaya marga saka jinebadan mau katetepna kaimamane ing salawase turun-tumurun.”

16Nabi Musa banjur nglampahi kabeh kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah.

17Bareng ing taun kang kapindho sasi kapisan, tanggal sapisan, Tarub Suci kelakon kaadegake.

18Nabi Musa ngadegake Tarub Suci iku, ompak-ompake kapasang, blabag-blabage kaetrapake, kendhit-kendhite kapasang sarta cagak-cagake kaadegake.

19Tendhaning payon banjur digelar nutupi Tarub Suci, lan banjur ditumpangi singeb payon kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

20Papan angger-anggering Allah banjur dipundhut lan kaselehake ana ing jero pethi, pethine banjur dietrapi pikulan lan ditumpangi tutup pangruwatan.

21Pethine tumuli diusung menyang ing Tarub Suci, sarta klambune panutup dipasang kagawe ngaling-alingi pethine angger-angger, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

22Mejane banjur kadokok ana ing jero Tarub Pasewakan, kaprenahake ing jero Tarub Suci sisih lor ing sajabane klambu,

23sarta ditumpangi roti sesaosan katata ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

24Padamarane iya tumuli diprenahake ana ing jero Tarub Pasewakan adhep-adhepan karo meja mau, ana ing Tarub Suci sisih kidul,

25karodene damare padha dipasang ing padamaran kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

26Misbyah mas dipapanake ana ing jero Tarub Pasewakan ing sangarepe geber.

27Ing misbyah iku tumuli diobongi dupa wangi kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

28Sawuse mangkono lawangane Tarub Suci banjur kaparingan geber.

29Misbyah kurban obaran diprenahake ana ing sangarepe lawang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan, nuli nyaosake kurban obaran lan kurban dhaharan ana ing misbyah kono, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

30Wadhahe banyu banjur kadokok ana ing saantarane Tarub Pasewakan lan misbyah, sarta banjur diiseni banyu kanggo sesuci.

31Nabi Musa, Rama Harun lan para putrane padha wijik asta lan sampeyan klawan banyu iku.

32Saben-saben arep lumebet ing Tarub Pasewakan lan samangsa nyelaki misbyah, padha wijik asta lan sampeyan kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

33Cagak-cagake plataran nuli kaadegake ing saubenge Tarub Suci lan misbyah, sarta gapura plataran iku banjur kapasangan klambu. Mangkono Nabi Musa anggone ngrampungake pagawean iku.

34Sawuse mangkono megane nglimputi Tarub Pasewakan, sarta Tarub Suci banjur kinebekan ing kamulyaning Yehuwah,

35temah Nabi Musa ora bisa lumebu ing Tarub Pasewakan, marga iku kalimputan ing mega, lan kamulyaning Yehuwah ngebeki Tarub Suci.

36Anadene samangsa mega mau mumbul saka ing Tarub Suci, wong Israel banjur budhal saka ing palerebane,

37nanging manawa mega iku ora mumbul, iya padha ora budhal nganti samumbule megane.

38Awitdene meganing Sang Yehuwah iku ing wayah awan ana ing sadhuwure Tarub Suci, dene ing wayah bengi ana genine, katon marang wong Israel kabeh ana ing saben panggonan kang dilerebi.



 <<  Keluaran 40 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel