Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 8 >> 

Wewelak kang kapindho: kodhok

1Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira sowana Sang Prabu Pringon lan matura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira nglilanana umatingSun padha lunga, supaya padha saos pangabekti marang Ingsun,

2dene manawa sira tetep ora nglilani lungane, lah satlatahe tanahira bakal Sundhawahi wewelak kodhok.

3Ing bengawan Nil bakal ana uyel-uyelaning kodhok, banjur padha mentas lumebu ing kadhatonira, tekan ing kamar turu lan paturonira, mangkono uga ing omahe para abdi lan kawulanira, dalah ing jero pawonira lan ing wadhah jladrenira.

4Kodhok-kodhok iku bakal ngroyok sira lan para kawula lan abdinira.”

5Sarta dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa maneh: “Sira ndhawuhana Harun: Tanganmu karo tekenmu acungna marang bengawan, kalen-kalen lan blumbang, supaya kodhok-kodhok padha metu mratani tanah Mesir.”

6Rama Harun banjur ngacungake astane marang sakehe banyu ing tanah Mesir, tumuli kodhok-kodhok padha metu nyrambahi tanah Mesir.

7Nanging para juru sihir iya bisa nindakake prakara iku srana japa-mantrane, uga metokake kodhok-kodhok mratani tanah Mesir.

8Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: “Sira sembahyanga marang Pangeran Yehuwah, supaya karsaa nyirnakake kodhok-kodhok iku saka ngarsaningsun lan saka para kawulaningsun, sabanjure ingsun bakal nglilani bangsa iku lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah.”

9Ature Nabi Musa marang Sang Prabu Pringon: “Kawula nyumanggakaken karsa panjenengan dalem, benjing punapa anggen kawula ndedonga kagem panjenengan dalem tuwin para abdi saha para kawula dalem, supados kodhok-kodhok punika katumpes sirna saking ngarsa dalem saha saking ing salebetipun griya-griya, namunga kantun ingkang wonten ing benawi Nil kemawon?”

10Pangandikane Sang Prabu Pringon: “Sesuk!” Ature Nabi Musa: “Inggih, badhe kelampahan kados pangandika dalem, supados panjenengan dalem mirsaa, bilih boten wonten ingkang nyameni Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula.

11Kodhok-kodhok badhe sirna saking ngarsa dalem, saking salebeting griya-griya, saking para abdi saha saking para kawula dalem, namung badhe manggen wonten ing benawi Nil kemawon.”

12Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sarta Nabi Musa banjur nyebut marang asmaning Sang Yehuwah gegayutan karo kodhok-kodhok kang wus ditekakake ngebyuki Sang Prabu Pringon mau.

13Pangeran Yehuwah nyembadani panyuwune Nabi Musa, kodhok-kodhok padha mati sirna saka ing omah-omah saka ing plataran lan saka ing pategalan.

14Bathange banjur dikumpulake nganti ngundhung-ngundhung, satemah satanah kabeh ngganda bacin.

15Nanging bareng Sang Prabu Pringon mirsa yen wus ora ana apa-apa, tetep mangkotake panggalihe, dadi ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.

Wewelak katelu: lemud

16Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira ndhawuhana marang Harun: Tekenmu acungna lan sabetna ing lebuning bumi, ing kono lebune bumi iki bakal dadi lemud ana ing sawratane tanah Mesir kabeh.”

17Banjur padha nindakake mangkono, Rama Harun ngacungake astane karo tekene, lan nyabet lebuning bumi, tumuli lemud-lemud padha ngroyok marang manungsa lan kewan. Sakehe lebuning bumi tanah Mesir padha dadi lemud.

18Para ahli iya padha tumindak mangkono srana japa-mantrane sumedya metokake lemud, nanging padha ora bisa. Kaya mangkono lemud-lemud mau padha ngroyok manungsa lan sato-kewan.

19Para ahli mau tumuli padha munjuk marang Sang Prabu Pringon: “Punika astaning Allah.” Ewadene Sang Pringon isih puguh galihe, lan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah.

Wewelak kaping papat: laler cathak

20Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira tangia kang esuk, banjur mapaga Pringon samangsa kaya adat sabene metu menyang ing bengawan, sarta matura, pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira nglilanana umatingSun lunga saos pangabekti marang Ingsun,

21dene manawa umatingSun ora sira lilani lunga, Ingsun bakal nekakake laler cathak padha ngebyuki sira, para abdinira, kawulanira sarta omah-omahira, nganti omahe wong Mesir kebak laler cathak, tekan lemahe kang dienciki.

22Nanging tanah Gosyen kang dienggoni umatingSun ing dina iku Sunjabakake, dadi ing kono bakal ora ana laler cathak, supaya sira sumurup yen Ingsun Yehuwah, ana ing nagara kene.

23Ingsun bakal mbedakake ing antarane umatingSun lan bangsanira. Sesuk bakal kelakon pratandha iku!”

24Pangeran Yehuwah banjur nindakake mangkono mau: ana laler cathak akeh banget kang padha ngebyuk ing kedhatone Sang Prabu Pringon lan ing omahe para abdine apadene ing sawratane tanah Mesir; tanahe nganti rusak dening laler cathak iku.

25Sang Prabu Pringon tumuli nimbali Nabi Musa lan Rama Harun, pangandikane: “Padha lungaa, saosa kurban marang Allahmu ana ing tanah kene!”

26Ature Nabi Musa: “Kawula boten saged tumindak makaten, awit kurban ingkang badhe kawula saosaken dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula punika, nistha tumrap tiyang Mesir. Saupami kawula sami nyaosaken kurban ingkang nistha tumrap tiyang Mesir wonten ngajenganipun, punapa kawula boten lajeng dipun benturi sela?

27Kawula kedah kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, perlu nyaosaken kurban dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, kados anggenipun ndhawuhi kawula.”

28Pangandikane Sang Prabu Pringon: “Prayoga, ingsun bakal nglilani sira lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah Allahira, ana ing pasamunan; mung aja nganti kadohen lakunira. Ingsun dongakna!”

29Ature Nabi Musa: “Saundur kawula saking ngarsa dalem kawula badhe nyenyuwun dhateng Pangeran Yehuwah, satemah laler cathak punika benjing-enjing sami sirna saking ngarsanipun Sang Prabu Pringon saha saking ngajenganipun para abdi lan para kawula sadaya. Nanging Sang Prabu Pringon sampun ngantos cidra malih, satemah boten nglilani bangsa punika kesah saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah.”

30Sawuse mangkono Nabi Musa mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon, banjur nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah.

31Sang Yehuwah nyembadani panyuwune Nabi Musa, temah laler cathak mau sirna saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon lan saka ing ngarepe para abdi tuwin para kawulane, siji bae ora ana kang kari.

32Ewadene Sang Prabu Pringon iya meksa mangkotake panggalihe, ora nglilani lunga bangsa mau.



 <<  Keluaran 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel