Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kidung Agung 7 >> 

1Dhuh putri kang luhur ing budi, iba endahe lakumu karo nganggo sandhal iku, solahing cethikmu kaya rerenggan, gegaweaning tangane seniman.

2Pusermu pindha bundering bokor, kang tan lukak isi anggur cinampur. Padharanmu kaya gandum tinumpuk, kinubengan ing kembang bakung.

3Payudaramu lir anak menjangan loro, kadya anak kidang kembar.

4Gulumu pindha menara gadhing, mripatmu kadi telaga ing Hesybon, cedhak gapura Batrabim; irungmu kaya menara ing Libanon, kang madhep marang ing kutha Damsyik.

5Sirahmu kadi gunung Karmel, rambuting sirahmu wungu semu abang; sawijining ratu kecanthol ing klabangane.

Manising tresna

6Kowe iku sulistya lan endah banget warnamu, heh kang kinasihan ana ing satengahing kang gawe seneng.

7Wanguning awakmu kadi wit kurma, lan payudaramu pindha dhompolane.

8Tembungku: “Aku kepengin menek ing wit kurma iku, lan nyekel dhompolan-dhompolane. Payudaramu kaya dhompolan anggur, lan napasing irungmu lir woh apel.

9Tembung-tembungmu manis kaya anggur!” Anggur iku malah mili marang ing kekasihku tanpa leren, luber marang ing lambening wong-wong kang lagi padha turu!

10Aku iki duweke kekasihku, kayungyunne tumuju marang aku.

11Dhuh kekasih kawula, sumangga sami ameng-ameng dhateng ara-ara, nyare wonten ing satengahing sekar pacar!

12Sumangga, sami ameng-ameng dhateng ing pakebonan anggur ing wanci umun-umun, lan mirsani punapa witipun anggur sampun medal kuncupipun, punapa sekaripun sampun mekar, wit-witanipun dlima punapa sampun sekar! Wonten ing ngriku kawula badhe ngesokaken katresnan kawula dhumateng Paduka!

13Gandanipun woh dhudhaim ngambar, sacelaking kori kita wonten woh-wohan maneka warni ingkang eca, ingkang sampun dangu lan ingkang saweg kemawon kapethik. Punika sampun kawula simpen kagem paduka, dhuh kekasih kawula!



 <<  Kidung Agung 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel