Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 11 >> 

Rasul Petrus ngaturake panjawab ana ing Yerusalem bab baptise Kornelius

1Para rasul lan sadulur-sadulur ing tanah Yudea padha krungu, yen bangsa-bangsa liya uga nampani pangandikaning Allah.

2Bareng Rasul Petrus rawuh ing Yerusalem wong-wong golongan tetakan padha padudon karo panjenengane,

3pangucape: “Panjenengan sampun lumebet ing griyanipun tiyang-tiyang ingkang boten tetak saha dhahar sesarengan kaliyan tiyang-tiyang wau.”

4Nanging Rasul Petrus banjur nerangake samubarang kabeh kanthi urut, pangandikane:

5“Kula saweg ndedonga wonten ing kitha Yope, dumadakan roh kula kalimputan ing panguwaosipun Gusti Allah, kula lajeng sumerep rerupen: wonten barang ingkang awujud lawon wiyar, gumantung ing poncotipun sakawan kaandhapaken saking langit ngantos dumugi ing ngajeng kula.

6Sareng kula tamataken, kula sumerep sawarnining kewan wonten ing lebetipun, kewan asuku sakawan, kewan wanan, kewan rumangkang saha peksi-peksi.

7Kula lajeng mireng swara ingkang ngandika dhateng kula: Ngadega, heh, Petrus, nyembeleha lan mangana!

8Nanging kula matur: Boten, Gusti, boten, amargi dereng nate wonten barang ingkang karam utawi ingkang boten resik, ingkang lumebet ing cangkem kawula.

9Ewadene swara saking swarga wau lajeng ngandika dhateng kula ingkang kaping kalihipun: Apa kang kapangandikakake dening Allah, yen iku kalal, aja kokarani karam!

10Bab punika kalampahan ngantos kaping tiga, sadayanipun nunten kainggahaken malih dhateng langit.

11Sanalika punika ugi lajeng wonten tiyang tiga ingkang ngadeg ing sangajenging griya, ingkang ngadeg ing sangajenging griya, ingkang kula pondhoki; tiyang-tiyang wau dipun kengken saking Kaisarea murugi kula.

12Kula nunten dipun pangandikani dening Roh: Mangkata bebarengan karo wong-wong iku lan aja mangu-mangu! Sadherek nenem punika tumut. Sareng kula lumebet ing griyanipun tiyang wau

13tiyang punika tumunten nyariyosaken dhateng kula sadaya anggenipun sumerep malaekat jumeneng ing griyanipun saha ngandika dhateng piyambakipun: Kongkonana wong menyang Yope methuk Simon kang apeparab Petrus.

14Iku bakal aweh pawarta marang kowe, kang bakal nekakake karahayon tumrap kowe dalah sabrayatmu kabeh.

15Sareng kula wiwit wicanten, tiyang-tiyang wau lajeng sami katedhakan ing Roh Suci, sami kadosdene kita kala rumiyin.

16Kula nunten kengetan dhateng pangandikaning Pangeran: Yokanan mbaptis nganggo banyu, nanging sira kabeh bakal kabaptis kalawan Roh Suci.

17Dados manawi Gusti Allah maringaken rahmatipun dhateng tiyang-tiyang wau sami kadosdene dhateng kula nalika kita wiwit pitados dhateng Gusti Yesus Krsitus, kadospundi anggen kula saged nduwa dhateng Gusti Allah?”

18Bareng krungu kang mangkono iku, banjur padha nrima sarta padha ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Dadine Gusti Allah uga paring patobat marang bangsa-bangsa liya, kang dadi marganing urip.”

Buyare pasamuwan njalari mekare; Dumadine pasamuwan Kristen ana ing kutha Antiokhia; Nabi Agabus mec

19Kacarita marga saka panganiaya kang tumuwuh sawuse Sang Stefanus kaukum pati, akeh sadulur kang padha buyar nganti tekan ing tanah Fenisia, ing pulo Siprus lan ing kutha Antiokhia, dene anggone ngabarake Injil mung marang wong Yahudi.

20Nanging ana panunggalane sawatara wong Siprus lan wong Kirene, kang teka ing Antiokhia lan banjur mawan rembug uga karo wong-wong Yunani sarta martakake Injil kalawan pratela, yen Gusti Yesus iku Gusti.

21Astaning Pangeran nunggil karo wong-wong mau, satemah akeh wong kang manjing pracaya sarta padha mratobat marang Gusti.

22Pawarta bab wong-wong mau keprungu dening pasamuwan ing Yerusalem; Barnabas banjur kautus dening pasamuwan menyang ing Antiokhia.

23Bareng wis tekan ing kono lan nyumurupi sih-rahmating Allah, Barnabas bungah sarta mituturi marang wong-wong mau, supaya padha tetep setya marang Gusti,

24awit Barnabas iku wong becik, kapenuhan ing Roh Suci lan pracaya. Ana wong akeh kang padha kawuwuhake ing pasamuwane Gusti.

25Barnabas banjur menyang ing kutha Tarsus nggoleki Saulus. Bareng wis ketemu tumuli diajak menyang ing Antiokhia,

26sarta padha tetunggalan karo pasamuwan nganti sataun lawase, sinambi memulang marang wong akeh. Ana ing Antiokhia kono para siswa anggone wiwit padha kasebut Kristen.

27Nalika samana ana nabi sawatara kang rawuh ing kutha Antiokhia saka ing Yerusalem.

28Ana siji kang asma Agabus kang jumeneng sarta marga saka kuwaosing Roh ngandika, yen ing saindenging jagad bakal katekan pailan gedhe, kang iya kalakon uga nalika jamane Sang Nata Agung Klaudius.

29Para siswa banjur padha mutus arep nglumpukake sumbangan miturut sakadare dhewe-dhewe, bakal dikirimake marang para sadulur ing tanah Yudea.

30Bab iku iya kalakon lan banjur dikirimake marang para pinituwa lumantar Barnabas lan Saulus.



Download Audio MP3 (Kisah Para Rasul 11):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Kisah Para Rasul 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel