Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 17 >> 

Pitutur warna-warna

1Gusti Yesus ngandika marang para sakabate: “Ora kena ora mesthi bakal ana panasaran, nanging bilai kang nganakake.

2Luwih becik manawa wong iku dikalungana ing watu panggilingan lan banjur dicemplungake ing sagara, katimbang nasarake salah sijine wong kang ringkih iki.

3Reksanen awakmu dhewe! Manawa sadulurmu duwe kaluputan welehna; manawa kaduwung apuranen.

4Saupama anggone kaluputan marang kowe ngantia kaping pitu sadina lan kaping pitu uga anggone marani kowe sarta pratela: Aku kaduwung, iya kudu kokapura.”

5Para rasul nuli munjuk marang Gusti: “Kawula mugi sami kaparingana kapitadosan!”

6Paring wangsulane Gusti: “Manawa kowe duwe pangandel kang gedhene sawiji sawi bae, yen kowe calathu marang wit anjir alas iki: Rungkada, tumancepa ing sagara; mesthi bakal ngestokake marang pakonmu.”

Lurah lan batur

7“Sapa panunggalanmu kang duwe batur, kang mluku utawa angon raja-kayane, saulihe saka ing pategalan apa banjur dicalathoni: Ayo, endang mangan!

8Apa ora malah kosokbaline, dicalathoni mangkene: Aku cawisana mangan, kowe banjur sabukana lan ngladenana nganti sarampunge anggonku mangan lan ngombe. Lan sawise iku kowe kena mangan lan ngombe.

9Apa batur mau banjur diwenehi panarima, marga saka anggone wis nglakoni apa kang diprentahake?

10Mangkono uga kowe. Manawa kowe wis nglakoni kabeh kang kaprentahake marang kowe, kowe padha munia: Aku kabeh iki abdi-abdi kang tanpa guna, amarga mung nglakoni apa kang padha kudu daktindakake.”

Gusti nyarasake wong budhugen sapuluh

11Kacarita nalika Gusti Yesus tindak menyang ing Yerusalem, miyos ing sauruting tapel-watese tanah Samaria lan Galilea.

12Bareng lumebet ing sawijining desa, ana wong lara budhugen sapuluh sowan marang ing ngarsane, nanging mung ngadeg kapara adoh,

13sarta padha nguwuh seru, unjuke: “Dhuh, Gusti Yesus, Sang Guru, kawula mugi sami Paduka welasi!”

14Panjenengane nuli mirsani wong-wong mau lan ngandika: “Kowe padha lungaa, awakmu tuduhna marang imam!” Kocapa, sajrone padha lumaku iku, padha birat najise.

15Ana siji kang bareng weruh yen wis waras, banjur cengkelak bali kanthi ngluhurake Gusti Allah kalawan suwara sora.

16Nuli nyungkemi padane Gusti Yesus, ngunjukake panuwun. Mangka iku wong Samaria.

17Gusti Yesus banjur ngandika: “Apa ora wong sapuluh kang birat najise? Lah kang sanga endi?

18Apa panunggalane iku ora ana kang bali ngluhurake Gusti Allah, kajaba mung wong manca iki?”

19Banjur ngandika marang wong mau: “Ngadega, lungaa, pangandelmu kang wus mitulungi kowe.”

Bab bakal rawuhe Kratoning Allah

20Bareng wong Farisi padha matur pitakon bab besuk kapan bakal rawuhe Kratoning Allah, Gusti Yesus nuli paring wangsulan, pangandikane: “Rawuhe Kratoning Allah iku tanpa pratandha-pratandha kang katon,

21sarta wong iya ora bisa kandha: Lah ana ing kene, utawa ana ing kana! Amarga satemene Kratoning Allah iku ana ing antaramu.”

22Banjur ngandika marang para sakabate: “Bakal tumeka ing wektune, kowe padha kapengin nyumurupi sawijining dinane Putraning Manungsa, nanging ora bakal bisa nyumurupi.

23Sarta wong bakal ngandhani kowe: Lah, ana ing kana; lah ana ing kene! Kowe aja mrana lan aja kelu.

24Awitdene kaya kilat anggone gumebyar saka ing tepining langit ing sisih kene tekan ing sisih kana, iya kaya mangkono uga ing dina bakal rawuhe Putraning Manungsa.

25Nanging Panjenengane kudu nandhang sangsara akeh dhisik lan katampik dening jinis iki.

26Sarta kayadene nalika jamane Nabi Nuh, iya kaya mangkono kaanane besuk ing dina-dinane Putraning Manungsa.

27Wong-wong padha mangan lan ngombe, padha omah-omah lan diomah-omahake, nganti tumeka ing dinane Nabi Nuh lumebet ing prau; banjur ana banjir gedhe, kang numpes wong kabeh.

28Uga kaya kang kalakon nalika jamane Lut: wong-wong padha mangan lan ngombe, padha dol-tinuku, padha nenandur lan padha yeyasa.

29Nanging ing dina lungane Lut metu saka ing kutha Sodom, banjur ana udan geni lan udan walirang saka ing langit, kang numpes wong kabeh.

30Iya kaya mangkono besuk ing dina ngatingale Putraning Manungsa.

31Sing sapa ing dina iku pinuju ana ing payon, mangka barang-barange ana ing jero omah, aja mudhun njupuki; mangkono uga kang lagi ana ing pategalan, aja mulih.

32Elinga marang bojone Lut!

33Sing sapa ngudi rumeksa marang nyawane, bakal kelangan nyawane, lan sing sapa kelangan nyawanr, iku bakal nylametake nyawane.

34Aku pitutur marang kowe: Ing bengi iku bakal ana wong loro kang tunggal sapaturon, kang siji bakal kapulung, sijine bakal katilar.

35Ana wong wadon loro kang lagi padha giling, kang siji bakal kapulung, sijine bakal katilar.

36Manawa ana wong loro ana ing pategalan, kang siji bakal kapulung, sijine bakal katilar.”

37Para sakabat banjur padha munjuk marang Gusti Yesus: “Wonten ing pundi, Gusti?” Paring wangsulane: “Ing ngendi ana mayit, iya ing kono manuk-manuk garudha bakal padha nglumpuk.”



Download Audio MP3 (Lukas 17):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Lukas 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel