Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 21 >> 

Gusti Yesus kaarak lumebet ing kutha Yerusalem

1Bareng lakune wis cedhak Yerusalem, wis tekan ing desa Betfage ing gunung Zaitun, Gusti Yesus utusan sakabate loro,

2dhawuhe: “Padha menyanga ing desa ngarepmu iku, mengko kowe bakal enggal mrangguli kuldi wadon cacangan karo belone ana ing sandhinge. Iku padha uculana lan loro-lorone gawanen mrene.

3Dene manawa ana wong kang ngaruh-aruhi kowe, kandhaa: Punika prelu kagem Gusti. Mangke tumunten badhe dipun wangsulaken.”

4Bab iku kalakone supaya kayektenan kang dipangandikakake dening nabi:

5“Tutura marang putri Sion: Delengen, Ratunira ngrawuhi sira, Panjenengane iku alus panggalihe sarta nitih kuldi, beloning kuldi momotan.”

6Sakabat-sakabat mau banjur mangkat lan nindakake apa sadhawuhe Gusti Yesus.

7Kuldine karo belone digawa, banjur dilarabi sandhangane. Gusti tumuli nitih.

8Wong-wong kang gunggunge akeh banget iku padha njereng panganggone ana ing dalan, ana maneh kang padha mecoki pang-panging wit-witan, padha disebar ana ing dalan.

9Lan wong akeh kang padha lumaku ana ing ngarsane Gusti Yesus lan kang lumaku ana ing sawingkinge padha nguwuh-uwuh pangucape: “Hosana konjuk ing Putranipun Prabu Dawud, binerkahana ingkang rawuh awit saking Asmaning Pangeran. Hosana wonten ing ngaluhur.”

10Nalika Panjenengane lumebet ing Yerusalem, wong sakutha kabeh padha horeg, lan padha ngucap: “Sapa ta wong iki?”

11Wong akeh padha mangsuli: “Iku Nabi Yesus saka Nasaret ing tanah Galilea.”

Gusti Yesus nyucekake Padaleman Suci

12Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci sarta nundhungi wong kang padha dol-tinuku ana ing plataraning Padaleman Suci, meja-mejane wong pareyalan lan bangku-bangkune wong adol manuk dara padha digolingake,

13apamaneh wong-wong mau padha dipangandikani: “Ana tulisan mangkene: PadalemaningSun bakal kasebut dalem pamujan, nanging kokdadekake kedhung begal.”

14Tumuli ana wong wuta lan wong pincang padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus ana ing Padaleman Suci lan banjur padha kawarasake.

15Ewadene bareng para pangareping imam lan para ahli Toret padha weruh mukjijat kang ditindakake sarta bocah-bocah kang padha nguwuh-uwuh ana ing Padaleman Suci: “Hosana konjuk ing Putranipun Sang Prabu Dawud!”, atine jengkel banget,

16banjur matur marang Panjenengane: “Panjenengan punapa mireng ingkang dipun cariyosaken lare-lare punika?” Gusti Yesus ngandika: “Iya, krungu; apa kowe durung tau maca: Paduka sampun nyawisaken puji medal ing cangkemipun lare-lare saha bayi-bayi?”

17Gusti Yesus banjur nilar wong-wong mau, tindak miyos saka ing kutha menyang ing desa Betania lan nyare ana ing kono.

Gusti Yesus nyupaosi wit anjir

18Esuke nalika tindak wangsul menyang ing kutha, Gusti Yesus kraos kerapan.

19Bareng mirsa wit anjir ana ing pinggir dalan, tumuli dipurugi, nanging ora manggih apa-apa ana ing wit iku, kajaba mung godhong thok, banjur dipangandikani: “Aja metu wohmu maneh ing salawas-lawase!” Padha sanalika wit anjir mau dadi garing.

20Weruh kang kaya mangkono iku para sakabat padha kaeraman sarta munjuk: “Kadospundi, dene wit anjir punika lajeng dados garing sami sanalika?”

21Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, manawa kowe pracaya ora nganggo mangu-mangu, kowe mesthi ora mung bisa nindakake apa kang Daktindakake tumrap marang wit anjir iki bae, nanging sanadyan gunung iki kokcalathoni: Mumbula lan ambyura ing sagara, mesthi iya bakal kalakon.

22Lan apa bae kang koksuwun ing pandonga kalawan pracaya, mesthi bakal kaparingake.”

Pitakonan bab panguwaose Gusti Yesus

23Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci. Nalika Panjenengane lagi paring piwulang ana ing kono, ana pangarepng imam lan pinituwaning bangsa Yahudi kang padha sowan ing ngarsane lan matur pitakon: “Panjenengan tumindak makaten punika kanthi panguwaos ingkang pundi? Saha sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Panjenengan?”

24Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku iya arep takon marang kowe lan yen kowe wis mangsuli Aku, Aku iya bakal kandha marang kowe, Aku tumindak mangkono iku kanthi panguwasa sing endi.

25Pambaptise Nabi Yokanan iku saka ing swarga apa saka manungsa?” Wong-wong mau banjur padha rembugan bab iku, mangkene pamikire: “Yen aku padha kandha: saka ing swarga. Dheweke bakal mangsuli: yen mangkono yagene kowe ora pracaya?

26Nanging manawa aku kandha: Saka manungsa, aku padha wedi karo wong akeh, awit iku kabeh padha nganggep nabi marang Yokanan.”

27Wasana atur wangsulane marang Gusti Yesus: “Kula sami boten sumerep.” Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Yen mangkono Aku iya ora kandha marang kowe panggaweKu kang mangkono iku kanthi panguwasa sing endi.”

Pasemon bab anak loro

28“Nanging kapriye panemumu bab iki: Ana wong duwe anak lanang loro. Kang pambarep diparani sarta dikandhani: Ngger, dina iki kowe nyambuta gawe ana ing kebon anggur.

29Anake mangsuli: Inggih, pak. Nanging ora mangkat.

30Wong mau banjur marani anake lanang kang angka loro sarta dikandhani mangkono uga, nanging anake mangsuli: Kula boten purun. Sawise iku dheweke kaduwung, nuli mangkat.

31Anak loro mau endi sing nindakake karepe bapakne?” Atur wangsulane wong-wong mau: “Ingkang kantun.” Pangandikane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe: para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila bakal ndhisiki kowe lumebu ing Kratoning Allah.

32Sabab Yokanan anggone teka iku prelu nuduhake dalaning kayekten marang kowe, ewadene kowe ora pracaya marang dheweke. Nanging para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila padha pracaya marang dheweke. Nanging kowe kabeh sanadyan weruh, ora banjur kaduwung lan uga ora pracaya marang dheweke.”

Pasemon bab wong nyewa pakebonan anggur kang duraka

33“Padha ngrungokna pasemon liyane. Ana sawijining wong kang gawe pakebonan anggur, dipageri mubeng, sarta digawekake jogangan papan pameresan apamaneh panggung pajagan. Pakebonan mau banjur disewakake marang wong, tumuli mangkat lelungan menyang ing nagara liya.

34Bareng wis meh wancine ngundhuh, kang duwe kongkonan rewang-rewange menyang enggone wong kang nyewa, njaluk pametuning pakebonane.

35Nanging rewang-rewang mau padha dicekel dening kang padha nyewa. Sing siji digebugi, sijine dipateni, lan sing siji maneh dibenturi watu.

36Sawise iku kang duwe pakebonan banjur kongkonan maneh rewang-rewang liyane, luwih akeh katimbang sing dhisik, nanging iya nemahi lelakon kang kaya sing dhisik.

37Wasana banjur kongkonan anake, pamikire: Mesthine bakal padha ering marang anakku.

38Nanging bareng wong-wong kang nyewa weruh anake mau, banjur padha rasanan mangkene: Iku ahli warise, ayo dipateni bae, supaya warisane dadi duwekku kabeh.

39Anake mau banjur dicekel lan diuncalake menyang sajabaning kebon anggur, sarta dipateni.

40Mulane samangsa sing duwe pakebonan anggur mau wis teka, wong kang padha nyewa mau bakal dikapakake?”

41Unjuke kang padha didangu: “Tiyang-tiyang duraka wau tamtu dipun sirnakaken, dene kebon anggur badhe dipun sewakaken dhateng tiyang sanes, ingkang badhe ngladosaken pamedalipun ing mangsanipun.”

42Pangandikane Gusti Yesus: “Apa kowe durung tau maca ing Kitab Suci mangkene: Watu kang ditampik dening tukang-tukang gawe omah, iku wis dadi watu kang baku ana ing pojok. Kadadean iki saka ing Pangeran, sarta elok ana ing pandeleng kita.

43Mulane Aku pitutur marang kowe, yen Kratoning Allah bakal kapundhut saka ing kowe lan bakal diparingake marang sawijining bangsa kang bakal metokake wohe.

44[Lan sing sapa tiba ing watu iku, bakal ajur mumur lan sing sapa katibanan bakal remuk.]”

45Bareng para pangareping imam lan wong-wong Farisi krungu pasemon-pasemon mau, padha rumangsa, yen dheweke kabeh kang disemoni.

46Banjur padha mbudi-daya bisane nyekel Panjenengane, nanging padha wedi karo wong akeh, amarga iku padha nganggep nabi marang Panjenengane.



Download Audio MP3 (Matius 21):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Matius 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel