Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 3 >> 

Wong ceko kawarasake ing dina Sabat

1Sawuse iku Gusti Yesus rawuh ing papan pangibadah maneh. Ing kono ana wong kang tangane ceko sasisih.

2Wong-wong padha ngulatake, apa bakal marasake wong iku ing dina Sabat, supaya anaa dhadhakan kanggo nglapurake Panjenengane.

3Gusti Yesus banjur ngandika marang wong kang ceko, “Mara, ngadega ing tengah kene!”

4Nuli ngandika marang wong-wong mau: “Apa kang diparengake ing dina Sabat, tumindak becik apa tumindak ala, nylametake wong apa mateni wong?” Nanging kabeh padha meneng bae.

5Gusti sungkawa panggalihe nguningani wangkoting atine wong-wong iku, banjur padha dipirsani mubeng kalawan duka, nuli dhawuh marang kang ceko: “Jejegna tanganmu!” Tangane banjur diathungake, wis mari.

6Para wong Farisi padha metu lan banjur sakuthon karo wong Herodhiani sumedya nyedani Panjenengane.

Wong pirang-pirang padha kawaluyakake

7Gusti Yesus dalah para sakabate banjur sumingkir menyang ing sagara, akeh wong saka Galilea kang padha ndherekake. Uga saka ing Yudea

8saka ing Yerusalem, saka ing tanah Idumea, saka ing sabrange bengawan Yarden, apadene saka ing tlatahe Tirus lan Sidon iya akeh kang padha sowan, awit wis padha krungu bab apa kang katindakake dening Panjenengane kabeh.

9Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabate nyadhiyakake prau kagem Panjenengane, amarga saka akehe wong ing kono, dadi supaya Panjenengane aja nganti kadhesek-dhesek.

10Mulane mangkono, awit wis akeh wong kang diwarasake, satemah wong kang padha nandhang lelara padha suk-sukan mau arep ndemek Panjenengane.

11Para dhemit kang padha ndeleng Panjenengane, padha sujud ana ing ngarsane karo bengok-bengkok, “Paduka punika Putranipun Allah!”

12nanging padha dilarang wanti-wanti, ora diparengake martakake bab sapa ta Panjenengane iku.

Gusti Yesus miji rasul rolas

13Sawise iku Gusti Yesus tumuli minggah ing gunung sarta nimbali sapa wong kang dikarsakake lan iya banjur padha sowan ing ngarsane.

14Ana rolas kang ditetepake dadi kanthine, kang kautus nggelarake Injil

15sarta kang diparingi panguwasa nundhung setan.

16Wong rolas kang kapiji iku yaiku: Simon, kang banjur kaparingan jeneng Petrus,

17Yakobus, anake Zebedheus, lan Yokanan sadulure Yakobus, kang karone banjur kaparingan jeneng Boanerges, kang tegese anak gludhug,

18nuli Andreas, Filipus, Bartolomeus, Mateus, Tomas, Yakobus anake Alfeus, Tadheus, Simon wong Zelot,

19lan Yudas Iskariot, kang ngulungake Panjenengane.

Gusti Yesus lan Beelzebul

20Gusti Yesus tumuli lumebet ing sawijining omah, banjur ana wong akeh kang padha sowan maneh, padha kumrubut, nganti mangan bae padha ora bisa.

21Bareng kulawangsane padha krungu, banjur padha teka arep nyekel Panjenengane, amarga padha ngarani Panjenengane gerah gingsir.

22Dene para ahli Toret kang teka saka Yerusalem padha pratela: “Dheweke kapanjingan Beelzebul, lan nundhungi setan demi panggedhening setan.”

23Wong-wong mau banjur padha katimbalan lan dipangandikani kanthi pasemon: “Kapriye, apa setan bisa nundhung setan?

24Manawa ana karajan, kang kawulane padha crah, karajan mau ora bisa tulus

25lan manawa ana brayat, kang wargane padha crah, brayat iku ora bisa lestari.

26Mangkono uga manawa Iblis brontak nglawan awake dhewe lan manawa dheweke kabage-bage, ora bakal bisa lestari, nanging mesthi malah wis tekan ing wekasane.

27Ora ana wong kang bisa lumebu omahe wong rosa lan njarah rayah barang darbeke, manawa wong kang rosa mau ora ditalikung dhisik. Sawise mangkono lagi bisa njarah rayah omahe.

28Aku pitutur marang kowe: Satemene sakabehing dosa lan pangala-alane anak-anaking manungsa iku bakal kaapura, malah sakabehing pangala-ala kang diucapake.

29Nanging wong kang ngala-ala marang Sang Roh Suci, ora bakal oleh pangapura salawas-lawase, jalaran kaluputan anggone nindakake dosa kang langgeng.”

30Panjenengane ngandika mangkono iku, jalaran wong-wong mau padha ngarani Panjenengane kapanjingan dhemit.

Gusti Yesus lan kulawargane

31Kacarita ingkang ibu lan para sadhereke padha teka, ngadeg ana ing jaba kongkonan ngaturi Panjenengane.

32Panjenengane lagi lenggah dikupengi wong akeh. Wong-wong iku padha matur: “Lah punika ingkang ibu sarta para sadherek paduka wonten ing jawi, sami badhe pinanggih kaliyan Paduka.”

33Paring wangsulane Gusti Yesus, “Sapa ibuKu lan sadulur-dulurKu?”

34Panjenengane mirsani wong-wong kang padha linggih ngupengi Panjenengane, banjur ngandika: “Iki ibuKu lan sadulur-sadulurKu!

35Sing sapa nindakake karsaning Allah, iya iku sadulurKu lanang, yaiku sadulurKu wadon, yaiku ibuKu.”



Download Audio MP3 (Markus 3):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Markus 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel