Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 101 >> 

MASMUR 101; Nadaring ratu

1Masmur anggitane Prabu Dawud. Kawula badhe ngidungaken sih-susetyan lan angger-angger, kawula badhe ngrepekaken masmur kagem Paduka, dhuh Yehuwah.

2Kawula badhe migatosaken gesang ingkang tanpa cacad: Benjing punapa Paduka badhe nedhaki kawula? Kawula badhe gesang kanthi manah ingkang resik wonten ing griya kawula.

3Kawula boten badhe manah dhateng prakawis ingkang awon, pandamelipun tiyang murtad punika kawula sengiti, boten badhe wonten ingkang lumengket dhateng kawula.

4Manah ingkang cidra badhe sumingkir saking kawula, kawula boten badhe purun tepang kaliyan piawon.

5Tiyang ingkang bebisikan ngawon-awon dhateng sasaminipun, punika badhe kawula tumpes, tiyang ingkang kumalungkung saha kumaluhur-luhur manahipun, punika kawula boten remen.

6Mripat kawula mandeng dhateng tiyang ingkang sami tuhu-setya wonten ing nagari, supados sami manggen nunggil kaliyan kawula. Tiyang ingkang tanpa cacad lampahipun, punika badhe ngladosi kawula.

7Tiyang ingkang lampah culika boten badhe manggen ing griya kawula, sinten ingkang dora-cara boten badhe tetep wonten ing ngajeng kawula.

8Saben enjing kawula badhe numpes sakathahing tiyang duraka, ingkang wonten ing nagari; sakathahing tiyang ingkang lampah awon, badhe kawula sirnakaken saking kithaning Yehuwah.



 <<  Mazmur 101 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel