Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 104 >> 

MASMUR 104; Kaluhurane Pangeran Yehuwah ana ing sakehing titahe

1Heh nyawaku saosa puji marang Sang Yehuwah! Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, Paduka punika langkung dening agung, Paduka ngagem busana keprabon gumebyar.

2Paduka ingkang asingeb pepadhang kadosdene nyamping, mbeber langit kados tendha.

3ingkang yasa kamar-kamar panggungan Paduka wonten ing toya, ingkang ndadosaken mega dados titihan Paduka, ingkang tindak ing luhuring swiwinipun angin,

4ingkang ndadosaken angin dados utusan Paduka, saha latu murub dados para pelados Paduka.

5Ingkang nalesi bumi wonten ing ancik-ancikipun, satemah boten gonjang-ganjing ing salimi-laminipun.

6Paduka krukub kaliyan samodra agung, toyanipun minggah ngungkuli redi-redi.

7Toya wau lumajeng ajrih dhateng pangancam-ancam Paduka, lumajeng bingung margi saking swantening gludhug Paduka,

8minggah ing redi, mandhap ing lebak, dhateng panggenan ingkang sampun Paduka temtokaken tumrap toya wau.

9Watesipun Paduka tetepaken, boten badhe dipun langkahi, boten badhe wangsul ngelebi bumi.

10Paduka ingkang ngilekaken toya dhateng ing lebak-lebak, mili ing sela-selaning redi-redi,

11ngombeni sakathahing sato-kewan ing ara-ara, ngicali ngelakipun kuldi wanan,

12ing sacelakipun dipun enggeni ing peksi-peksi ing awang-awang, ingkang sami ngoceh wonten ing antawisipun ron-ronan.

13Paduka ingkang paring pangomben dhateng redi-redi saking ing dalem panggungan Paduka, bumi tuwuk margi saking wohing pakaryan Paduka.

14Paduka ingkang nuwuhaken rumput kangge sato-kewan, saha tetuwuhan, supados kapigunakaken dening manungsa, temah ngedalaken tetedhan saking ing salebeting siti,

15punapadene anggur ingkang mbingahaken manahing manungsa, ingkang damel rainipun manungsa sumringah margi saking lisah, saha tetedhan ingkang ngiyataken manahipun tiyang.

16Wit-witanipun Pangeran Yehuwah sami tuwuk, wit eres ing Libanon tanemanipun,

17papan panusuhipun peksi-peksi, peksi kasidah ingkang ngenggeni wit beros;

18redi-redi ingkang inggil dados padununganipun menda wanan, lan parang-parang dados papan pandhelikaning kancil.

19Paduka ingkang ndadosaken rembulan dados pananggalan; surya ingkang sumerep wekdal anggenipun serap.

20Manawi Paduka ndhatengaken pepeteng, lajeng dados dalu, ing wekdal punika sakathahing sato-kewan ing wana sami saba.

21Singa nem sami nggero-gero betah memangsan, lan ngadhang-adhang pakan saking Gusti Allah.

22Ing wanci pletheking surya sami ngempal, sarta ngglethak wonten ing guwa pandhelikanipun.

23Dene manungsa lajeng mangkat dhateng ing padamelanipun, saha dhateng ing panggaotanipun ngantos ing wanci sonten.

24Saestu kathah sanget yeyasan Paduka punika, dhuh Yehuwah, sadaya wau sami Paduka titahaken klayan kawicaksanan; saindenging bumi kebak ing titah Paduka.

25Lah punika samodra, ageng lan wiyar tebanipun, ing ngriku kemruwet kewan-kewan ageng alit, tanpa wicalan kathahipun.

26Ing ngriku kapal-kapal sami lelayaran, saha Lewiyatan ingkang Paduka titahaken, Paduka damel lelangen.

27Sadaya sami ngajeng-ajeng dhateng Paduka, supados kaparingan tedha ing wancinipun.

28Manawi Paduka paringaken, lajeng tinampenan, yen Paduka ngegaraken asta Paduka, sadaya sami katuwukan ing kasaenan.

29Manawi Paduka nyingidaken wedana Paduka, sadaya sami gragapan; manawi Paduka mundhut nyawanipun, lajeng sami pejah, lan wangsul dados lebu malih.

30Manawi Paduka maringaken Roh Paduka, lajeng sami tumitah, saha lumahing bumi Paduka dadosaken enggal.

31Kaluhuraning Sang Yehuwah langgenga ing salawase, Pangeran Yehuwah karenana marga saka pakaryane.

32Panjenengane kang mirsani bumi ndadekake gumetere, gunung-gunung kaasta, banjur ngwetokake kukus.

33Sajegku urip aku arep ngidung kagem Sang Yehuwah, salawase aku ana, aku arep ngidung masmur, konjuk marang Gusti Allah.

34Muga anggonku nggagas-nggagas ana ing ngarsane iki kapireng ing Panjenengane! Aku bakal tansah bungah-bungah marga saka Pangeran Yehuwah.

35Para wong dosa ing bumiku cikben tumpes, lan para wong duraka cikben ora ana maneh! Heh nyawaku, ngluhurna asmane Pangeran Yehuwah! Haleluya!



 <<  Mazmur 104 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel