Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 112 >> 

MASMUR 112; Rahayu wong kang bener

1Haleluya! Rahayu wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, kang banget kasengsem marang sakehing pepakone,

2anak-putune bakal santosa ana ing bumi, turune wong bener bakal diberkahi,

3omahe kanggonan bandha lan kasugihan, sarta kautamane iku tetep ing salawas-lawase.

4Ing sajroning peteng wong kang bener kaplethekan pepadhang, tresna welasan lan adil.

5Begja wong kang kadunungan welas lan nyenyilihake, kang ngrampungake urusane kanthi samesthine,

6sabab ora bakal gonjing ing salawase, wong kang mursid iku bakal pinengetan ing salawase,

7ora wedi marang kabar kang ala, atine teteg, kumandel banget marang Pangeran Yehuwah,

8atine santosa, ora kadunungan wedi, temah nganggep remeh marang para satrune.

9Blaba pawewehe, adedana marang wong miskin, kamursidane tetep ing salawas-lawase, sungune bakal saya dhuwur ing sajroning kamulyan.

10Wong duraka padha ndeleng, banjur lara atine, nggeget untu banjur luluh; pepenginane wong duraka iku tumuju marang ing karusakan.



 <<  Mazmur 112 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel