Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 114 >> 

MASMUR 114; Lelakon kang elok, nalika Israel metu saka ing tanah Mesir

1Nalika Israel budhal saka ing tanah Mesir, nalika turune Yakub metu saka ing tengahe bangsa kang seje basane,

2nuli Yahuda dadi papan pasucene, Israel dadi wewengkoning pangwaose.

3Segara weruh banjur lumayu, bengawan Yarden bali mandhuwur,

4gunung-gunung padha mencolot-mencolot kaya wedhus lanang, tengger-tengger padha lincak-lincak kaya cempe.

5He segara, kena ngapa dene kowe kok lumayu? He bengawan Yarden, dene kowe bali mandhuwur,

6he gunung-gunung, dene kowe padha cecolotan kaya wedhus lanang? He tengger-tengger, dene kowe padha lincak-lincak kaya cempe?

7Gumetera he bumi, ana ing ngarsane Pangeran, ana ing ngarsane Gusti Allahe Rama Yakub,

8kang ngowahi parang dadi blumbang, tuwin watu kang atos dadi sendhang.



 <<  Mazmur 114 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel