Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 120 >> 

MASMUR 120; Dioyak-oyak ing paekan

1Kidung jiyarah. Sajroning karubedan aku sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur disembadani:

2“Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking lambe ingkang cidra, saking ilat ingkang dora-cara.”

3Apa kang bakal diparingake marang kowe, sarta kowe diparingi tambahan apa, he ilat kang dora-cara?

4Panahe prawira kang landhep, tuwin mawane kayu arar.

5Cilaka aku amarga kudu manggon kaya wong manca, kaya wong ngamanca ana ing tanah Mesekh, awit kudu manggon ana ing antarane kemahe bangsa Kedar!

6Wus cukup suwe pamanggonku awor karo wong kang padha sengit marang karukunan.

7Aku iki dhemen rukun, nanging saben ana pangucapku, wong ing kono banjur padha ngajak perang.



 <<  Mazmur 120 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel