Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 121 >> 

MASMUR 121; Pangeran Yehuwah, kang rumeksa bangsa Israel

1Kidung jiyarah. Mripatku tumenga marang gunung-gunung; pitulunganku iku pinangkane saka ing ngendi?

2Pitulunganku iku pinangkane saka Sang Yehuwah, kang nitahake langit lan bumi.

3Panjenengane ora bakal marengake yen sikilku gloyoran, kang ngreksa kowe ora bakal ngantuk.

4Sayektine kang ngreksa Israel ora ngantuk lan ora sare.

5Pangeran Yehuwah iku kang ngreksa kowe, Pangeran Yehuwah iku pangayomanmu ana ing tengenmu.

6Srengenge ora bakal nglarani kowe ing wayah awan, utawa rembulan ing wayah bengi.

7Kowe bakal direksa dening Sang Yehuwah, tumrap ing sakehing bilai; nyawamu direksa.

8Pangeran Yehuwah bakal ngreksa marang lebu lan wetumu, wiwit ing samengko tumeka ing delahan.



 <<  Mazmur 121 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel