Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 132 >> 

MASMUR 132; Prabu Dawud lan kutha Sion pilihane Pangeran Yehuwah

1Kidung jiyarah. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi ngengetana dhumateng Prabu Dawud tuwin sakathahing kasisahanipun;

2anggenipun supaos dhumateng Sang Yehuwah, saha nglairaken punagi dhumateng Allahipun Rama Yakub, ingkang Mahakuwaos makaten:

3“Saestu kawula boten badhe lumebet ing kemah padunungan kawula, sarta boten minggah dhateng kanthil patileman kawula,

4inggih boten ngangsalaken mripat kawula tilem utawi ngliyepaken tlapukan kawula,

5ngantos kawula manggih papan kagem Pangeran Yehuwah, padaleman kagem Ingkang Mahakuwaos, Allahipun Rama Yakub.”

6Kita pancen wus padha krungu bab iku ana ing Efrata, wus oleh ana ing ara-ara Yaar.

7“Payo padha lumebu marang padalemaning Allah, padha sujud nyembah ana ing ngarepe ancik-ancikaning sampeyane.”

8Dhuh Yehuwah, Paduka mugi jumeneng saha tedhak dhateng ing palereman Paduka, Paduka kadherekaken ing pethining kasantosan Paduka.

9Para imam Paduka mugi sinandhangana ing kaleresan, saha para kekasih Paduka sami surak-suraka!

10Margi saking Prabu Dawud, abdi Paduka, mugi Paduka sampun nampik dhumateng jebadan Paduka.

11Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Prabu Dawud kalawan supaos, kang mesthi ora bakal diselaki: “Sawijining turunira bakal Sunlungguhake ing dhamparira;

12angger turunira tetep anggone ngestokake prasetyaningSun, tuwin sakehing pranatan-pranatan kang Sunwulangake marang dheweke, anak-putune turunira mau ing salawas-lawase bakal padha lungguh ing dhamparira.”

13Sabab kutha Sion kang wus dipilih dening Pangeran Yehuwah, dikarsakake dadi padalemane.

14“Iki padalemaningSun ing salawase, ana ing kene anggoningSun bakal dedalem, awit iku karsaningSun.

15Panguripane bakal Sunberkahi nganti luber, sarta wonge mlarat bakal Sunwaregi kalawan roti.

16Para imame bakal Sunsandhangi karahayon, sarta para wonge kang mursid bakal padha surak-surak marga saka bungahe.

17Ana ing kono Ingsun bakal nuwuhake sungu kanggo Dawud, sarta jebadaningSun bakal Suncawisi diyan.

18Mungsuhe bakal padha Sunanggoni sandhangan kang kebak kawirangan, nanging Dawud iku bakal nganggo makutha kang mencorong.”



 <<  Mazmur 132 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel