MASMUR 136; Sih-susetyaning Allah marang bangsa Israel
1Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah, sabab Panjenengane iku becik! awit langgeng sih-kadarmane.
2Padha saosa puji marang Allahe para allah, awit langgeng sih-kadarmane.
3Padha saosa puji marang Gustine para gusti, awit langgeng sih-kadarmane.
4Marang Panjenengane kang nindakake kaelokan gedhe piyambakan, awit langgeng sih-kadarmane.
5Marang Panjenengane kang nitahake langit kalawan kawicaksanan, awit langgeng sih-kadarmane.
6Marang Panjenengane kang njereng bumi kadhasaran banyu, awit langgeng sih-kadarmane.
7Marang Panjenengane kang nitahake barang-barang kang madhangi kang gedhe ing langit, awit langgeng sih-kadarmane.
8Srengenge kang mengku raina, awit langgeng sih-kadarmane.
9Sarta rembulan lan lintang-lintang kang mengku ing wayah bengi, awit langgeng sih-kadarmane.
10Kang mejahi para pembarepe wong Mesir, awit langgeng sih-kadarmane.
11Lan ngirid Israel metu saka ing satengahe, awit langgeng sih-kadarmane.
12Sarana asta kang rosa lan kalawan ngayatake lengene, awit langgeng sih-kadarmane.
13Segara Teberau dipiyak dadi loro, awit langgeng sih-kadarmane.
14Lan nyabrangake Israel metu ing tengahe, awit langgeng sih-kadarmane.
15Sang Pringon sawadya-balane dikelemake ana ing segara Teberau, awit langgeng sih-kadarmane.
16Gusti Allah kang ngirid lakune umate metu ing segara wedhi, awit langgeng sih-kadarmane.
17Kang ngasorake perange raja gedhe-gedhe, awit langgeng sih-kadarmane.
18Para ratu kang mulya padha dipateni, awit langgeng sih-kadarmane.
19Sihon, ratune bangsa Amori, awit langgeng sih-kadarmane.
20Lan Og, ratu ing Basyan, awit langgeng sih-kadarmane.
21Tanahe banjur diparingake dadi pusakane, awit langgeng sih-kadarmane.
22Dadi pusakane Israel, abdine, awit langgeng sih-kadarmane.
23Gusti Allah kang ngengeti kita sajroning kaasoran, awit langgeng sih-kadarmane.
24Padha diluwari saka ing tangane mungsuh kita, awit langgeng sih-kadarmane.
25Apadene paring pangan marang sakehing makhluk, awit langgeng sih-kadarmane.
26Padha saosa puji sokur marang Gusti Allahing swarga, awit langgeng sih-kadarmane.
Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan