Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 139 >> 

MASMUR 139; Pandonga ana ing ngarsane Gusti Allah kang mahamirsa

1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang njajagi lan nguningani kawula.

2Kawula linggiha utawi ngadega Paduka uninga, Paduka mirsa osiking manah kawula saking katebihan.

3Paduka nguningani manawi kawula lumampah utawi ngaso, saha salampah-lampah kawula Paduka uningani.

4Sabab saderengipun ilat kawula ngedalaken tetembungan, sayektosipun Paduka sampun nguningani punika sadaya, dhuh Pangeran Yehuwah.

5Paduka ngempit kawula saking ing wingking lan saking ing ngajeng, lan asta Paduka tansah Paduka ungkulaken ing kawula.

6Kawruh ingkang makaten punika langkung dening elok tumrap ing kawula, inggilipun ngantos boten kenging kawula gayuh.

7Dhateng pundi anggen kawula kesah nebihi roh Paduka, dhateng pundi anggen kawula mlajeng nilar pangayunan Paduka?

8Manawi kawula sumengka dhateng langit, Paduka wonten ing ngrika, manawi kawula nggelar patileman kawula wonten ing jagadipun tiyang pejah, Paduka inggih wonten ing ngriku.

9Manawi kawula mabura mawi swiwinipun bangbang wetan, sarta manggena wonten ing poncoting seganten,

10ugi wonten ing ngriku kawula katuntun ing asta Paduka, saha kaasta ing asta Paduka tengen.

11Saupami kawula mungela: “Awakku kalimputana ing pepeteng lan pepadhang ing sakubengku dadia bengi,”

12pepeteng wau boten damel peteng wonten ing paningal Paduka, dalu inggih dados padhang kados siyang, pepeteng sami kados pepadhang.

13Awit Paduka piyambak ingkang mangun ginjel kawula, Paduka ingkang nenun kawula wonten ing guwagarbanipun biyung kawula.

14Kawula ngucap sokur dhumateng Paduka margi elok ngebat-ebati kadadosan kawula. Pakaryan Paduka punika elok, nyawa kawula sanget anggenipun ngraosaken bab punika.

15Paduka boten kasamaran dhateng balung-balung kawula, nalika kawula katitahaken wonten ing pasingidan, saha kawangun wonten ing telenging bumi.

16Tingal Paduka nguningani dhateng kawula, nalika kawula taksih dhapur gatra, sadaya punika sampun sami kaserat wonten ing kitab Paduka, dinten-dinten ingkang badhe kawontenaken, nalika satunggal kemawon dereng wonten.

17Dhuh Allah, saiba remitipun panggalih Paduka punika, iba kathahipun gunggungipun!

18Manawi badhe kawula wical gunggungipun nglangkungi cacahipun pasir; manawi kawula ngaso, jebul kawula taksih wonten ing ngarsa Paduka.

19Dhuh Allah, tiyang duraka mugi Paduka tumpes, tiyang ingkang remen ngwutahaken rah, mugi sami sumingkira saking kawula,

20ingkang sami nyenyamah Paduka, sarta ingkang tanpa damel anggenipun sami nglawan dhumateng Paduka.

21Dhuh Yehuwah, tiyang ingkang sami sengit dhumateng Paduka, punapa boten kawula sengiti, saha punapa kawula boten bosen dhateng tiyang ingkang sami mbalela dhumateng Paduka?

22Pancen sami kawula sengiti tiyang-tiyang punika, sami dados satru kawula.

23Dhuh Allah, kawula mugi Paduka jajagi tuwin manah kawula mugi Paduka uningani, kawula mugi Paduka dadar sarta Paduka mugi karsaa nguningani pangangen-angen kawula.

24Paduka mugi karsaa niti-priksa, punapa lampah kawula nyleweng, sarta karsaa nuntun kawula wonten ing margi ingkang langgeng!



 <<  Mazmur 139 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel