Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 142 >> 

MASMUR 142; Pandongane wong kang kaoyak-oyak

1Kidung piwulang anggitane Prabu Dawud, nalika ana ing guwa; sawijining donga. (142-2) Aku nyebut marang Sang Yehuwah kalawan swara sora, kalawan swara sora anggonku nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah.

2(142-3) Pangadhuhku dakesokake ana ing ngarsane, karubedanku dakaturake marang Panjenengane.

3(142-4) Manawi manah kawula nglentrih, Paduka nguningani lampah kawula. Wonten ing margi ingkang kawula ambah, tiyang wau sami masangi jiret kawula kalayan singidan.

4(142-5) Kawula mulat manengen sarta milang-miling, boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang mreduli dhateng kawula; papan pangungsen kawula sampun ical, boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang ngupadosi kawula.

5(142-6) Dhuh Yehuwah, kawula nyebut dhumateng Paduka, unjuk kawula: “Paduka punika papan pangauban kawula, inggih panduman kawula wonten ing nagarinipun tiyang gesang!”

6(142-7) Paduka mugi karsaa nilingaken pasambat kawula, amargi kawula sampun lungkrah sanget, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking tiyang ingkang sami ngoyak-oyak kawula, amargi kekiyatanipun nglangkungi kawula.

7(142-8) Kawula mugi Paduka luwari saking pakunjaran supados sageda ngalembana asma Paduka. Para tiyang mursid sami badhe ngepang kawula, manawi Paduka nandukaken kadarman dhateng kawula.



 <<  Mazmur 142 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel