Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 148 >> 

MASMUR 148; Langit lan bumi padha ngluhurna Pangeran Yehuwah

1Haleluya! Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah kang ana ing swarga! Padha saosa puji marang Panjenengane kang ana ing ngaluhur!

2He sakehe malaekate, padha saosa puji marang Panjenengane! He wadya-balane, padha saosa puji marang Panjenengane!

3He srengenge lan rembulan, padha saosa puji marang Panjenengane! He sakehing lintang kang gumebyar, padha saosa puji marang Panjenengane!

4He langit kang ngungkuli sakehe langit, padha saosa puji marang Panjenengane! he, banyu kang ana ing sandhuwuring langit!

5Sakabehe iku padha memujia marang asmaning Yehuwah, amarga Pangeran ngandika, samubarang kabeh banjur padha dumadi.

6Pangeran ngadegake sakabehe iku kanggo sabanjure lan ing salawase, sarta netepake paugeran kang ora kena katerak.

7Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah ana ing bumi, he ula-ula naga lan saindenging samodra agung;

8he geni lan udan es, salju lan pedhut, angin prahara kang nindakake sabdane;

9he gunung-gunung lan sakehing tetengger, sakehe karang-kitri lan sakehing wit eres;

10he para kewan alasan lan sakehing kewan, kewan kang gumremet lan manuk-manuk kang mawa swiwi.

11He para raja ing bumi lan sakehing bangsa, para panggedhe lan sakehe peprentahan ing jagad,

12he para jaka lan para prawan, para wong tuwa lan wong anom!

13Kabeh iku kareben padha memuji marang asmaning Yehuwah, awit mung asmane kang luhur, kamulyane ngungkuli bumi lan langit.

14Sungune umate wus kaluhurake, dadi kidung pepujian tumrap sakehing wong kang dikasihi, tumrap wong Israel, umat kang rumaket marang Panjenengane. Haleluya!



 <<  Mazmur 148 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel