Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 19 >> 

MASMUR 19; Kamulyane Sang Yehuwah ana ing pakaryaning astane lan ana ing angger-anggere

1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. (19-2) Langit nyaritakake kamulyaning Allah, sarta akasa mratelakake yeyasaning astane;

2(19-3) rina ngluberake pawarta iku ganti-gumanti, lan wayah bengi medharake kawruh ganti-gumanti.

3(19-4) Ora ana pawarta lan ora ana tembung, ora keprungu swarane,

4(19-5) ewadene kumandhange ngebeki salumahing bumi, pamicarane tumeka ing pungkasaning jagad. Pangeran wus mrenahake tarubing surya ana ing langit

5(19-6) kang pletheke kaya panganten lanang kang lagi metu saka ing kamare, berag kaya prawira kang arep lumaku ing dalane.

6(19-7) Wetune saka ing tepining langit sarta ubenge tumeka ing sisih liyane, ora ana barang kang ora kena ing panasing sunare.

7(19-8) Angger-anggere Sang Yehuwah iku sampurna, nyegerake nyawa; pranatane Sang Yehuwah iku setya tuhu, aweh kawicaksanan marang wong kang ora duwe pangalaman.

8(19-9) Pangandikane Sang Yehuwah iku patitis, mbungahake ati; prentahe Sang Yehuwah iku murni, gawe sumoroting mripat.

9(19-10) Wedi marang Sang Yehuwah iku suci, lestari ana ing salawase; paugerane Sang Yehuwah iku bener, kabeh adil,

10(19-11) endahe ngungkuli mas, malah ngluwihi mas murni akeh; legine ngungkuli madu, malah ngungkuli rembesing madu saka ing tala tawon.

11(19-12) Lan malih abdi Paduka dipun engetaken dening punika wau sadaya, sarta tiyang ingkang netepi tampi ganjaran ageng.

12(19-13) Sinten ingkang saged ngyektosi panasaran? Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking ingkang boten kawula ngretosi.

13(19-14) Abdi Paduka mugi Paduka ayomi, ugi margi saking wontenipun tiyang ingkang sami ndhugal; punika sampun ngantos sami ngwaosi kawula! Kawula lajeng tetep tanpa cacad saha resik saking ing panerak ingkang ageng.

14(19-15) Mugi-mugi Paduka karenan dhateng kedaling cangkem kawula tuwin pangangen-angen kawula lan panggagasing manah kawula, dhuh Yehuwah, peparang kawula, saha panebus kawula.



 <<  Mazmur 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel