Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 33 >> 

MASMUR 33; Kidung pangalembana marang Allahe Israel

1He para wong mursid, padha asurak-suraka ana ing Sang Yehuwah! Awit wus samesthine, manawa wong tulus atine padha memuji.

2Padha saosa puji sokur marang Sang Yehuwah kalawan clempung, kidungna masmur kalawan slukat akawat sepuluh.

3Kidungna kekidungan anyar; diprigel panabuhmu kanthi swara kang rame!

4Sebab pangandikane Sang Yehuwah iku nyata, samubarang kabeh katindakake kalawan setya tuhu.

5Panjenengane karenan marang kang bener lan adil; bumi kebak ing sih-kamurahaning Yehuwah.

6Sakehing langit padha katitahake dening sabdane Pangeran Yehuwah, sakehing balane dening napasing lesane.

7Banyuning segara dikumpulake kaya bebendungan, samodra gedhe dilebokake ing wadhah.

8Salumahing bumi cikben padha wedi marang Sang Yehuwah, wong saisining jagad cikben padha gumeter ana ing ngarsane!

9Amarga Panjenengane ngandika, kabeh banjur dadi; Panjenengane dhawuh, kabeh banjur ana.

10Sang Yehuwah nggagalake rancangane para bangsa; murungake rancangane para suku bangsa;

11nanging karsane Sang Yehuwah iku tetep ing salawase, tuwin ciptaning galih iku turun-tumurun.

12Rahayu bangsa kang nganggep Sang Yehuwah dadi Allahe, sarta suku bangsa kang kapilih iku dadi kagungane!

13Pangeran Yehuwah maspaosake saka ing swarga, lan mirsani sakehing anake manungsa;

14saka ing padalemane nguningani sakehing isine bumi.

15Kabeh padha diwangun atine, sarta digatosake apa sapanggawene.

16Kaslametaning raja iku ora jalaran saka gedhening pangwasane; pahlawan iku ora bakal kapitulungan marga saka gedhening kakuwatane.

17Jaran iku tangeh yen marakake unggul, lan karosane kang ngedab-edabi ora njalari bisa oncat.

18Lan paningale Sang Yehuwah nguningani wong kang padha wedi marang Panjenengane, sarta nganti-anti marang sih-kadarmane,

19supaya nyawane kauwalake saka ing pati, sarta padha diuripi ing mangsa paceklik.

20Nyawa kita nganti-anti marang Sang Yehuwah. Panjenengane iku pitulungan lan tetameng kita.

21Sanyata ati kita bungah marga saka Panjenengane, awit kita pracaya marang asmane kang suci.

22Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka lumuntura dhateng kawula sadaya, kadosdene pangantos-antos kawula sadaya dhumateng Paduka.



 <<  Mazmur 33 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel