Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 38 >> 

MASMUR 38; Pandonga ing sajrone lara

1Masmur anggitane Prabu Dawud nalika nyaosake kurban pengetan. (38-2) Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun ngantos kaukum salebeting bebendu Paduka, sarta kawula sampun ngantos karangket ing salebeting bramantya Paduka;

2(38-3) amargi kawula ketaman ing panah Paduka, asta Paduka sampun ndhawahi kawula.

3(38-4) Daging kawula boten wonten ingkang saras margi saking bebendu Paduka, balung kawula boten wonten ingkang wilujeng margi saking dosa kawula;

4(38-5) amargi piawon kawula sampun tumempuh dhateng ing sirah kawula sadayanipun punika kados momotan ingkang langkung dening awrat saha kawraten tumrap kawula.

5(38-6) Koreng kawula mambet boten eca, ngemu nanah margi saking bodho kawula.

6(38-7) Kawula ngantos wungkuk, ngantos mbengkeluk sanget; sadinten muput anggen kawula lumampah sarwi mangangge bagor.

7(38-8) Bangkekan kawula kebak tatu, saha daging kawula boten wonten ingkang wetah;

8(38-9) kawula nglempuruk, katelasan kakiyatan, kawula asesambat amargi manah kawula trataban.

9(38-10) Dhuh Pangeran, Paduka nguningani sadaya pepenginan kawula, sarta boten kesamaran menggah pasambat kawula.

10(38-11) Manah kawula trataban, kakiyatan kawula telas, saha mripat kawula koncatan sunaripun.

11(38-12) Mitra saha tetepangan kawula sami sumingkir, margi saking memala kawula, saha sanak-sadherek kawula sami nebih.

12(38-13) Tiyang ingkang ngarah nyawa kawula sami masang kala-jiret, ingkang murih cilaka kawula sami ngrantam badhe ngrisak kawula, saha saben dinten ngrancang paekan.

13(38-14) Nanging kawula kados tiyang budheg, boten mireng, lan kados tiyang bisu, ingkang boten mbikak cangkemipun.

14(38-15) Malah kados tiyang ingkang boten mireng, lan cangkemipun boten saged mabeni.

15(38-16) Dene Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng, dhuh Yehuwah; Paduka ingkang badhe maringi wangsulan, dhuh Pangeran Allah kawula.

16(38-17) Gagasan kawula makaten: “Anggeripun tiyang punika sampun ngantos bingah-bingah margi saking kawula, sampun ngantos gumunggung manawi suku kawula gloyoran!”

17(38-18) Awit kawula badhe dhawah jalaran kasandhung, saha kawula tansah karidhu ing sakit.

18(38-19) Dene kawula ngakeni kalepatan kawula, kawula melang-melang margi saking dosa kawula.

19(38-20) Mengsah kawula kathah sanget, tuwin kathah tiyang ingkang sengit dhumateng kawula tanpa sabab;

20(38-21) tiyang ingkang males awon dhateng kasaenan kawula, sami nglawan kawula, amargi kawula ngudi dhateng kasaenan.

21(38-22) Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi sampun negakaken kawula, sampun nebihi kawula.

22(38-23) Mugi enggala mitulungi kawula, dhuh Pangeran, Pamarta kawula!



 <<  Mazmur 38 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel