Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 58 >> 

MASMUR 58; Tumrap panggedhe kang ambeksiya

1Kanggo lurah pasindhen. Lagune kaya kidung: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud. (58-2) He para kang nyekel pangwasa, apa pancasanmu iku adil temenan? Anggonmu ngakimi marang para anaking manungsa iku apa jujur?

2(58-3) Malah cocog karo karepmu kowe nglakoni piala, tanganmu nindakake kekerasan ana ing bumi.

3(58-4) Wong duraka padha murtad wiwit lair mula, para juru apus iku padha nasar wiwit ana ing wetenganing biyung.

4(58-5) Wisane kaya wisane ula, padha kaya ula bedhudhak kang budheg, kang nutupi kupinge,

5(58-6) kang ora ngrungokake marang swarane para tukang njapani, utawa swarane tukang maca mantra kang wasis.

6(58-7) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngrampali untuning cangkemipun, saha karsaa motholi siyungipun singa anem. (Selah)

7(58-8) Sami sirnaa kados toya ingkang mili lajeng telas, kajengipun sami alum kados rumput ing margi.

8(58-9) Kajengipun sami sirna kados bekicot ingkang dados ilu, sami kadosa bayining tiyang estri ingkang lair keluron ingkang boten ningali surya.

9(58-10) Sadurunge kwali-kwalimu kena panasing eri, kabeh kang isih seger dalasan kang wus geseng padha kabengkas dening Pangeran.

10(58-11) Wong mursid bakal padha bungah-bungah marga nyumurupi piwales, sarta bakal ngwisuhi sikile kalawan getihe wong duraka.

11(58-12) Lan wong bakal padha ngucap: “Wong mursid iku nyata tampa pituwas, satemene ana Allah kang maringi kaadilan ana ing bumi.”



 <<  Mazmur 58 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel