Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 64 >> 

MASMUR 64; Paukumane Gusti Allah marang wong duraka

1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. (64-2) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken swaraning pasambat kawula, nyawa kawula mugi Paduka reksa manawi wonten satru ingkang nggegirisi.

2(64-3) Kawula mugi Paduka aling-alingi manawi wonten tiyang awon ingkang sami sekuthon, tuwin reresah ingkang dipun wontenaken dening para tiyang ingkang tumindak duraka,

3(64-4) ingkang nglandhepaken ilatipun kados pedhang, sarta ingkang ngeculaken tembung sengak kados panah,

4(64-5) ingkang kalepasaken dhateng tiyang mursid saking ing pasingidan, dumadakan panahipun katamakaken tanpa ringa-ringa.

5(64-6) Sami nekad nindakaken duraka, sami sarembag masang kala ing pasingidan, sarta ngucap: “Sapa kang weruh?”

6(64-7) Sami ngangen-angen tindak culika: “Aku wis padha rumanti, rancangane wis mateng.” Saiba lebetipn batos saha manahipun tiyang punika!

7(64-8) Nanging Gusti Allah nglepasi panah dhumateng tiyang-tiyang punika; dumadakan sami ketaton.

8(64-9) Padha ditibakake dening Gusti Allah marga saka ilate dhewe; sakehing wong kang nyawang padha gedheg-gedheg.

9(64-10) Wong kabeh padha wedi lan banjur nyaritakake pakaryaning Allah, kanthi ngakoni pandamele.

10(64-11) Wong mursid bakal padha bungah, marga pangrehe Sang Yehuwah, sarta ngayom marang Panjenengane; sakehing wong kang jujur bakal padha ngalembana.



 <<  Mazmur 64 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel