Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 75 >> 

MASMUR 75; Gusti Allah, Hakim kang adil

1Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Aja ngrusak. Masmur anggitane Asaf. Kekidungan. (75-2) Kawula sami ngunjukaken pamuji sokur dhumateng Paduka, dhuh Allah, kawula sami ngunjukaken pamuji sokur, tiyang-tiyang ingkang nyebut asma Paduka sami nyariyosaken pakaryan Paduka ingkang ngedab-edabi.

2(75-3) “Manawa Ingsun nemtokake wektune, Ingsun piyambak kang bakal mancasi kalawan adil.

3(75-4) Bumi lan sakehing wong saisine padha lebur; Ingsun, iya Ingsun piyambak kang njejegake cagak-cagake.” (Selah)

4(75-5) Ingsun ngandika marang para wong gumunggung: “Sira aja padha gumunggung.” Sarta marang para wong duraka: “Sira aja padha masang sungu!

5(75-6) Aja padha masang sungunira nganti dhuwur, lan aja calathu kalawan ndegeg!”

6(75-7) Sabab kamulyan iku pinangkane ora saka ing wetan utawa saka ing kulon, lan iya ora saka ing pasamunan,

7(75-8) nanging Gusti Allah iku kang jumeneng Hakim: nglorod wong kang siji, sarta njunjung sijine.

8(75-9) Astane Pangeran nyepeng tuwung isi anggur kang munthuk, kebak campuran bumbu; Panjenengane banjur ngiling saka ing kono; lah ampase bakal disruput lan diombe dening sakehing wong duraka ing bumi.

9(75-10) Nanging aku bakal surak-surak ing salawas-lawase, Gusti Allahe Rama Yakub bakal dakpuji kalawan masmur.

10(75-11) Sakehing sungune para wong duraka bakal diremuk, nanging sungune wong mursid iku bakal padha didhuwurake.



 <<  Mazmur 75 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel