Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 76 >> 

MASMUR 76; Gusti Allah, Hakime para bangsa

1Kanggo lurah pasindhen. Binarung ing swaraning clempung. Masmur anggitane Asaf. Kekidungan. (76-2) Gusti Allah iku kesuwur ana ing Yahuda, asmane kondhang ana ing Israel!

2(76-3) Kemahe wus ana ing Salem, sarta padalemane ana ing Sion!

3(76-4) Ana ing kono Pangeran wus mutungi panah kang kumilat, tameng tuwin pedhang sarta piranti perang. (Selah)

4(76-5) Gumilaping cahya Paduka punika kamulyanipun ngungkuli pareden ingkang wonten wiwit kina makina.

5(76-6) Para wong kendel wus padha kajarah-rayah, padha ngantuk angles, para prawira kabeh wus padha kaya koncatan ing kakuwatane.

6(76-7) Dhuh Allahipun Rama Yakub, amargi saking bebendu Paduka, kapal saha ingkang numpaki sami katileman.

7(76-8) Paduka punika nggegirisi! Sinten ingkang tahan wonten ing ngarsa Paduka samangsa Paduka duka?

8(76-9) Paduka ndhawahaken pancasaning pangadilan saking ing langit; bumi ajrih saha kami-tenggengen,

9(76-10) nalika Gusti Allah jumeneng ngasta pangadilan, saha ngluwari sakathahipun tiyang ingkang katindhes wonten ing bumi. (Selah)

10(76-11) Saestu para tiyang brangasan lajeng badhe sami caos sokur dhumateng asma Paduka, kekantunaning tiyang brangasan sami Paduka kendhaleni.

11(76-12) Padha ngucapna nadar banjur padha luwarana konjuk ing Yehuwah Allahmu! Kabeh wong kang ana ing ngarsane Yehuwah, kareben padha ngunjukake pisungsung marang Panjenengane kang diwedeni.

12(76-13) Panjenengane kang nglemesake semangate para pemimpin, Panjenengane kang nggegirisi tumrap para ratu ing bumi.



 <<  Mazmur 76 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel