Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 80 >> 

MASMUR 80; Pandonga kanggo keslametane Israel

1Kanggo lurah pasindhen, lagune kaya kidung: Kembang Bakung. Paseksene Asaf. Masmur. (80-2) Dhuh Juru Pangenipun Banisrael, mugi karsaa midhangetaken. Paduka ingkang nggiring bani Yusuf kados pepanthan menda, Paduka ingkang nitih kerub-kerub, mugi karsaa ngatingalaken cahya Paduka,

2(80-3) wonten ing ngajengipun Efraim kaliyan Benyamin tuwin Manasye. Paduka mugi karsaa ngatingalaken kasantosan Paduka saha mugi karsaa rawuh ngluwari kawula sadaya.

3(80-4) Dhuh Allah, kawula mugi sami Paduka pulihaken, mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami badhe manggih wilujeng.

4(80-5) Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, taksih pinten laminipun anggen Paduka bendu sanadyan umat Paduka ndedonga?

5(80-6) Umat Paduka sami Paduka tedhani roti tumatesing luh, Paduka paringi ngombe luh ngantos kathah sanget,

6(80-7) kawula sami Paduka dadosaken rerebatanipun para tangga-tepalih, saha sami cinampahan ing mengsah-mengsah kawula.

7(80-8) Dhuh Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, kawula mugi sami Paduka pulihaken, mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami manggih wilujeng.

8(80-9) Paduka sampun mundhut wit anggur saking tanah Mesir, para bangsa sami Paduka tundhungi, wit anggur wau lajeng Paduka tanem.

9(80-10) Paduka sampun nyawisi papan, wit anggur wau lajeng ngoyod lebet sanget saha ngebaki nagari;

10(80-11) redi-redi sami kayoman ing ayang-ayanganipun, lan wit-wit eres kagunganipun Gusti Allah sami kayoman ing pangpangipun;

11(80-12) pangipun ingkang alit-alit sami pating tlolor ngantos dumugi ing saganten, sarta elungipun ngantos dumugi ing benawi Efrat.

12(80-13) Punapa sababipun dene Paduka njugrugaken pageripun, temah dipun pethiki dening tiyang ingkang sami langkung?

13(80-14) Dipun grogoti ing andhapan, sarta dipun tedha ing kewan-kewan ing ara-ara.

14(80-15) Dhuh Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, Paduka mugi karsaa wangsul, mirsanana saking ing swara sarta ningalana. Paduka mugi karsaa nggatosaken wit anggur punika,

15(80-16) wit ingkang katanem dening asta Paduka ingkang tengen.

16(80-17) Witipun sampun sami dipun besmeni lan dipun tegori, tiyang-tiyang wau kajengipun sami sirna ical dening bebendu Paduka.

17(80-18) Paduka mugi karsaa ngreksa dhateng para tiyang ingkang wonten ing sisih tengen Paduka, anakipun manungsa ingkang sampun Paduka kiyataken kagem Paduka piyambak.

18(80-19) Kawula sami boten badhe nyleweng saking Paduka, kawula mugi Paduka gesangi, satemah sami badhe nyebut ngluhuraken asma Paduka.

19(80-20) Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, kawula mugi sami Paduka pulihaken, mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami badhe manggih wilujeng.



 <<  Mazmur 80 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel