Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 82 >> 

MASMUR 82; Gusti Allah ana ing parepatan ilahi

1Masmur anggitane Asaf. Gusti Allah jumeneng ana ing parepatan ilahi, ana ing satengahing para allah Panjenengane nindakake pangadilan:

2“Nganti sepira suwene anggonira padha ngadili kalawan ambek-siya, sarta ngrewangi marang wong duraka? (Selah)

3Wong kang sekeng lan bocah lola padha wenehana adil, wong kasangsaran lan kacingkrangan padha belanana wewenange.

4Wong kang sekeng lan kang mlarat padha pitulungana, luwarana saka ing tangane wong duraka.”

5Iku wong kang padha ora sumurup lan ora ngreti apa-apa, padha lumaku ana ing pepeteng; sakehing tetalese bumi padha gonjang-ganjing.

6Ingsun wus ngandika mangkene: “Sira kabeh iku allah, lan padha dadi putrane Kang Mahaluhur. --

7Nanging sira bakal padha mati kayadene manungsa, lan bakal tiwas kayadene salah sawijining panggedhe.”

8Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa jumeneng ngadili bumi, amargi sakathahipun bangsa punika kagungan Paduka.”



 <<  Mazmur 82 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel