Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 93 >> 

MASMUR 93; Pangeran Yehuwah Ratu kang langgeng

1Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja, abusana kamulyan, Pangeran Yehuwah busana lan apaningset kasantosan. Sanyata bumi wus jejeg ora gonjang-ganjing.

2Dhampar Paduka jejeg wiwit kala rumiyin, wiwit ing kalanggengan Paduka sampun wonten.

3Dhuh Yehuwah, lepen-lepen sami kumrasak, lan sami ngulukaken swaranipun, saha sami ngulukaken jumleguripun.

4Pangeran Yehuwah ngebat-ebati banget ana ing ngaluhur, ngungkuli kumrasaking banyu agung, ngluwihi jumleguring alun ing segara.

5Pranatan Paduka sanget kenceng, padaleman Paduka sampun sapantesipun manawi suci, dhuh Yehuwah, kangge ing salaminipun.



 <<  Mazmur 93 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel