Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 96 >> 

MASMUR 96; Gusti Allah, Gusti lan Hakim ing saindenging jagad

1Padha ngluhurna Pangeran Yehuwah kalawan kidung anyar, he wong salumahing bumi, padha ngidunga kagem Pangeran Yehuwah!

2Padha ngidunga kagem Sang Yehuwah, luhurna asmane, peparinge karahayon iku wartakna ing sadina-dina.

3Padha nyaritakna kamulyane ana ing antarane para bangsa, lan kaelokane ana ing antarane sakehing suku bangsa.

4Amarga Pangeran Yehuwah iku mahaagung lan banget pinuji-puji, sarta nggegirisi ngungkuli sakehing para allah.

5Ujer sakehing allahe para bangsa iku tanpa guna, nanging Pangeran Yehuwah iku kang nitahake langit,

6kaagungan lan kamulyan ana ing ngarsane, karosan lan kaurmatan ana ing papan pasucene.

7He sakehing para suku bangsa, marang Pangeran Yehuwah, iya mung marang Pangeran Yehuwah kamulyan lan karosan iku!

8Pangeran Yehuwah caosana kamulyaning asmane, nggawaa pisungsung lan sebaa marang ing platarane.

9Padha sujuda marang Sang Yehuwah kalawan manganggo kasucen, he sawrataning bumi kabeh, gumetera ana ing ngarsane.

10Padha undhangna ana ing antarane para bangsa: “Pangeran Yehuwah iku Raja! Sanyata jagad iku madeg santosa, ora goyang, Panjenengane bakal ngadili para bangsa kalawan kabeneran.”

11Langit kareben bungah-bungah, lan bumi surak-surak, sarta segara dalah saisine kareben padha gumuruh!

12Ara-ara dalah saisine kareben sukarena; ing kono sakehing wit-witan ing alas padha surak-surak,

13ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, amarga Panjenengane rawuh, sabab rawuhe bakal ngadili jagad, jagad bakal dihakimi kalawan adil, lan para bangsa kalawan kasetyane.



 <<  Mazmur 96 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel