Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 11 >> 

Kekarene bangsa Israel

1Kang iku aku takon: Apa kirane Gusti Allah wus nampik umate? Babar pisan ora! Awit aku dhewe iya wong Israel trahe Rama Abraham, saka taler Benyamin.

2Gusti Allah ora nampik umate kang dipilih. Apa kowe padha ora sumurup, apa kang wus dipangandikakake ing Kitab Suci bab Nabi Elia, nalika nggugat bangsa Israel ana ing ngarsane Gusti Allah:

3“Dhuh Pangeran, para nabi Paduka sampun sami dipun pejahi, misbyah-misbyah Paduka sampun dipun risaki, namung kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang sami ngangkah pejah kawula.”

4Nanging kapriye pangandikane Gusti Allah marang Nabi Elia mau? Mangkene: “Ingsun isih ngengehake wong pitung ewu kagem Ingsun, kang ora tau sujud nyembah marang Baal.”

5Mangkono uga ing wektu saiki, iya ana kekaren, awewaton pamilihe sih-rahmat.

6Nanging manawa bab iku kalakone awit saka sih-rahmat, dadine wis ora marga saka panggawe maneh, sabab yen ora mangkono, kang diarani sih-rahmat iku wis dudu sih-rahmat maneh.

7Kang iku kapriye? Israel ora bisa nggayuh apa kang diupaya, nanging kang nampani iku para wong kang pinilih. Dene liyane padha mangkotake atine,

8kaya kang katulisan, wiraose: “Gusti Allah ndadosake wong-wong mau padha turu kepati, maringi mripat kang ora kanggo ndeleng, lan kuping kang ora kanggo ngrungokake, nganti tumeka ign dina iki.”

9Sarta Sang Prabu Dawud munjuk: “Pakembulanipun dadosa kalajiret saha jaring, tuwin sesandhungan, punapadene piwales tumrap tiyang-tiyang punika.

10Saha mripatipun sami kadamela peteng, satemah sami boten ningali,

Bangsa Israel kasandhung, bangsa-bangsa liya padha rahayu

11Kang iku aku takon: Apa wong mau anggone padha kasandhung iku supaya tiba? Babar pisan ora! Nanging awit saka panerake, karahayon banjur tumiba marang bangsa-bangsa liya, supaya padha thukul kumerene.

12Awit manawa panerak mau njalari kasugihaning jagad, lan kakurangane dadi kasugihane bangsa-bangsa liya mendahane maneh mungguh ing kasampurnane.

13Aku pitutur marang kowe, heh para bangsa saliyane bangsa Yahudi. Iya marga aku iki dadi rasule para bangsa saliyane bangsa Yahudi, aku nganggep yen bab iki dadi kamulyaning pangabdiku,

14yaiku bokmanawa aku bisa nenangi rasa kumeren sajroning batine para kadangku tunggal bangsa miturut daging, sarta bisa mitulungi rahayu marang panunggalane sawatara.

15Sabab yen panampike iku ateges pirukun tumrap ing jagad, wong-wong iku anggone nampani apa ora ateges kauripan saka ing antarane wong mati?

16Manawa panenan wiwitan iku suci, jladrene iya suci kabeh, lan yen oyode suci, pang-pange iya suci.

17Mulane, manawa pang-pange wus ana sawatara kang dikethoki, lan kowe kang dadi thukulan alas sing ditancebake ana ing antarane, temahan melu oleh panduman saka oyode wit jaitun kang kebak tlutuh iku,

18kowe aja padha gumunggung marang pang-pang iku! Manawa gumunggung dieling, yen dudu kowe kang nyangga oyod iku, nanging oyod iku kang nyangga kowe.

19Bisa uga kowe bakal calathu: Mulane ana pang kang padha dikethoki, iku supaya aku ditancebake ana ing antarane minangka thukulan.

20Iya bener! Anggone padha dikethoki iku, awit saka anggone ora pracaya, lan kowe anggonmu tetep iku marga saka pracaya. Kowe aja kumlungkung, aluwung wedia!

21Sabab, manawa Gusti Allah ora ngeman marang pangpang kang asli, iya ora bakal ngeman marang kowe uga.

22Mulane waspadakna sih-kamirahane Gusti Allah, sarta kekerasane uga, yaiku kekerasane tumrap wong kang wis padha tiba, nanging kamirahane tumrap kowe, samono iku manawa kowe tetep ana ing kamirahane, manawa ora, kowe iya bakal padha kapagas uga.

23Nanging mungguh pang kang wis padha kapagas mau, yen ora ngantepi anggone ora pracaya bakal katancebake maneh, jalaran Gusti Allah kagungan panguwasa nancebake maneh.

24Sabab manawa kowe wis padha kakethok saka ing wit jaitun alas lan cengkah karo dhasarmu kowe padha katancebake ing wit jaitun sajati, mendahane maneh pangpang kang tunggal dhasar, mesthi bakal katancebake ing wit jaitun asline dhewe.

Anggone Israel kapitulungan rahayu

25Awitdene para sadulur, supaya kowe aja padha nganggep pinter awakmu dhewe, karepku kowe padha nyumurupana wewadi iki: Bangsa Israel iku salong padha mangkotake atine nganti lumebune bangsa-bangsa liyane saganepe.

26Kalawan patrap mangkono bangsa Israel bakal kapitulungan rahayu kabeh, kaya kang katulisan, wiraose: “Saka ing Sion bakal rawuhe Sang Juru Panebus, Panjenengane bakal nyingkirake sakehing pamblasare Yakub.

27Lan iki kang dadi prajanjianingSun kalawan wong-wong iku, samangsa Ingsun mbirat dosane.”

28Manut Injil, wong-wong iku padha dadi satrune Gusti Allah marga saka kowe, ananging manut ing pilihan, wong-wong iku padha dadi kekasihe Gusti Allah awit saka para leluhur.

29Sabab Gusti Allah ora kagungan raos kaduwung tumrap peparinge sih-rahmat sarta timbalane.

30Sabab iya padha kaya kowe ing maune, anggonmu padha ora mbangun-miturut marang Gusti Allah, nanging saiki wis oleh sih-piwelas marga saka anggone ora mbangun-miturut wong-wong iku,

31mangkono uga wong iku saiki iya padha ora mbangun-miturut, supaya awit saka sih-piwelas kang wus kaparingake marang kowe iku, wong mau iya bakal padha oleh sih-piwelas.

32Sabab wong-wong mau wus padha kakurung dening Gusti Allah kabeh ana ing kaanan ora mbangun-miturut, supaya Panjenengane saged ngetingalake sih-piwelase marang wong kabeh mau.

33Wah, saiba agunging kasugihan, kawicaksanan sarta kawaskithane Gusti Allah! Kabeh putusane pranyata ora kena jinajagan, sarta kabeh tindake ora kena katlusur.

34Ujer sapa ta kang nyumurupi panggalihane Pangeran? Utawa, sapa ta kang wis tau dadi juru pirembuge?

35Utawa, sapa ta kang wis tau misungsung apa-apa marang Panjenengane, temahan banjur kaparingan leliru?

36Awitdene anane samubarang kabeh iku saka ing Panjenengane, lan marga dening Panjenengane, sarta lumadi marang Panjenengane: Kamulyan kagema ing Panjenengane salawas-lawase!



Download Audio MP3 (Roma 11):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Roma 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel