Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 16 >> 

Salam

1Aku nglantarake marang kowe sadulur kita Febe, sadulur wanita kang leladi ana pasamuwan Kengkrea,

2supaya koktampani ana ing patunggilane Gusti, kanthi patrap kang samesthine tumrap para suci, sarta wenehana, pitulungan samangsa dibutuhake. Sabab dheweke wus aweh pitulungan marang wong akeh, klebu aku dhewe.

3Salam marang Priska lan Akwila, para kanca tunggal ayahan ana ing Sang Kristus Yesus.

4Iku wus padha ngetohake nyawane kanggo mitulungi uripku. Ora ngamungake aku bae kang aweh panarima, nanging iya sakehing pasamuwan kang dudu Yahudi.

5Uga salam marang pasamuwan kang ana ing omahe. Salam marang Epenetus, sadulur kang daktresnani, kang dadi wiwitaning wong kang manjing ing patunggilane Sang Kristus ing tanah Asia.

6Salam marang Maria, kang wis akeh anggone nglakoni kangelan kanggo kowe kabeh.

7Salam marang Andronikus lan Yunias, sadulurku tunggal bangsa, kang wis tau kinunjara bareng lan aku, klebu wong kang kajen ana ing antarane para rasul, sarta kang anggone dadi Kristen sadurunge aku.

8Salam marang Ampliatus sing daktresnani ana ing Gusti.

9Salam marang Urbanus kancaku tunggal ayahan ana ing Sang Kristus, sarta salam marang Stakhis kang daktresnani.

10Salam marang Apeles, kang wus katitik tumemen ana ing Sang Kristus. Salam marang wong kang padha klebu golongane Aristobulus.

11Salam marang Herodhion, kancaku tunggal bangsa. Salam marang wong kang padha klebu golongane Narkisus, kang ana ing patunggilane Gusti.

12Salam marang Trifena lan Trifosa, kang padha mempeng banget anggone leladi kagem Gusti. Salam marang Persis, kang daktresnani, kang wus akeh banget anggone leladi kagem Gusti.

13Salam marang Rufus, wong kang pinilih ana ing Gusti, sarta salam marang ibune kang tumraping aku uga dadi ibuku.

14Salam marang Asinkritus, Flegon, Hermes, Patrobas, Hermas sarta para sadulur kang padha tetunggalan ing kono.

15Salam marang Filologus lan Yulia, Nereus sarta sadulure wadon, lan Olimpas, apadene sakehe para suci kang padha tetunggalan ing kono.

16Padha sesalamana kalawan pangaras suci. Salam marang kowe kabeh saka sakehing pasamuwane Sang Kristus.

Pepeling

17Nanging padha dakpituturi, para sadulur, padha diwaspada marang para wong kang padha nyulayani ing piwulang kang wus koktampani, kang nuwuhake cecongkrahan lan panggodha. Singkirana wong-wong kaya mangkono iku mau.

18Sabab wong kang kaya mangkono iku, padha ora leladi marang Sang Kristus, Gusti kita, nanging padha ngawula marang wetenge dhewe. Lan kanthi tembunge kang muluk-muluk lan basane kang manis, padha nindakake apus krama marang kang padha tulus atine.

19Pawarta bab kasetyanmu wis keprungu ing wong akeh. Mulane aku bungah banget ing ngatase kowe. Nanging karepku, kowe padha pintera tumrap apa bae kang becik sarta kalis ing sarupaning piala.

20Muga-muga Gusti Allah kang dadi etuking tentrem-rahayu, enggal nglebur Iblis ana ing sangisoring tlapakanmu. Sih-rahmate Gusti Yesus, Gusti kita, anunggila ing kowe.

21Salam marang kowe kabeh saka Timoteus, kancaku tunggal ayahan, lan saka Lukius, Yason apadene Sosipater, para kancaku tunggal bangsa.

22(Kula Tertius ingkang damel serat punika, inggih kintun salam dhateng panjenengan sadaya ing patunggilanipun Gusti.)

23Salam marang kowe kabeh saka Gayus, kang aweh pamondhokan marang aku, lan marang pasamuwan kabeh. Salam marang kowe kabeh saka Erastus, hartakaning nagara, lan saka Kwartus sadulur kita.

24(Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus, Gusti kita, anunggila ing kowe kabeh! Amin.)

Kabeh kamulyan kagem Gusti Allah

25Kagem Panjenengane, kang nyantosakake kowe kabeh, -- manut Injil kang dakkabarake, sarta pawarta bab Gusti Yesus Kristus, laras karo kabare wewadi kang kasidhem pirang-pirang abad lawase,

26nanging kang saiki wus kababar, sarta wus kawartakake dening kitab-kitabe para nabi, manut dhawuhe Gusti Allah kang langgeng marang sakehing bangsa, kanggo nenuntun marang ing pambangun-turuting pracaya --

27iya kagem Panjenengane, Gusti Allah kang wicaksana piyambak, awit saka Gusti Yesus Kristus: sakehing kamulyan langgeng ing salawas-lawase! Amin.



Download Audio MP3 (Roma 16):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Roma 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel