Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 2 >> 

Gusti Allah iku ora pilih kasih

1Mulane, heh manungsa, sapa bae kang njeksani wong liya, kowe dhewe ora kena diarani tanpa kaluputan. Awit ing sajrone kowe njeksani wong, ateges matrapi awakmu dhewe, amarga kowe kang njeksani wong iku, pratingkahmu dhewe iya mangkono uga.

2Kita rak padha sumurup yen paukumane Gusti Allah iku ing sabener tumrap sapa bae kang nglakoni iku mau.

3Dene kowe, heh manungsa kang njeksani kang duwe pratingkah mangkono mau, mangka kowe dhewe uga nglakoni, apa kowe ngira, yen kowe bakal luput saka ing paukumane Gusti Allah?

4Apa kowe arep ngremehake lubering kamirahan sarta sabar sarehe Gusti Allah? Apa kowe ora sumurup manawa kamirahane Gusti Allah iku nuntun kowe marang pamratobat?

5Nanging marga saka wangkoting atimu kang ora gelem mratobat iku, dadine kowe numpuk bebendu kanggo awakmu dhewe, nganti tumeka ing dinane kababaring bebendu lan pangukume Gusti Allah kang adil,

6kang bakal males marang sawiji-wijining wong saukur karo panggawene,

7yaiku wong kang ngantepi panggawe becik, tansah ngupaya kamulyan sarta kaluhuran lan kalanggengan, wong iku bakal padha kaparingan urip langgeng,

8nanging wong kang mburu karepe dhewe, ora mbangun-turut marang kayekten, rumaket ing duraka, iku bakal padha kawales bebendu sarta deduka.

9Sangsara lan rupeking ati bakal tumama marang angger wong kang gawe piala, kang dhisik wong Yahudi, lan samono uga wong Yunani,

10nanging kamulyan, kaluhuran lan tentrem-rahayu bakal kaparingake marang sawiji-wijining wong kang nindakake kabecikan, dhisike wong Yahudi lan uga wong Yunani.

11Sabab Gusti Allah ora pilih kasih.

12Ujer kabeh wong kang gawe dosa kalawan sepi ing angger-anggering Toret iku bakal padha sirna iya kalawan sepi ing angger-anggering Toret; lan kabeh wong kang padha dosa ing sajrone kawengku ing angger-anggering Toret, iku bakal padha diadili sarana angger-anggering Toret.

13Amarga wong kang bener ana ing ngarsane Gusti Allah iku dudu kang ngrungokake angger-anggering Toret, nanging kang netepi angger-anggering Toret.

14Manawa bangsa-bangsa liya kang ora nduweni angger-anggering Toret marga saka prentuling atine dhewe nglakoni apa kang kamot ing angger-anggering Toret, wong-wong iku mau kang dadi angger-anggering Toret tumrap awake dhewe, sanadyan ora nduweni angger-anggering Toret.

15Amarga kalawan mangkono iku wong-wong mau padha nelakake, manawa pepakone angger-angger wis katulis ana ing atine, sarta rumangsaning atine melu dadi seksi, sarta pangangen-angene padha genti ngluputake utawa genti mbenerake.

16Bab iku bakal tetela ing dina samangsa Gusti Allah ngadili wewadine manungsa lumantar Gusti Yesus Kristus, cocog karo Injil kang dakwartakake.

Angger-anggering Toret lan tetak iku dudu sumbering karahayone wong Yahudi

17Nanging manawa kowe iku ngarani awakmu dhewe wong Yahudi, sarta ngandelake marang angger-anggering Toret, apadene gumunggung mungguh ing Gusti Allah,

18sarta sumurup kang dadi karsane, lan marga kawulang ing angger-anggering Toret, bisa sumurup endi kang becik sarta endi kang ala,

19lan yakin, yen kowe iku dadi panuntune wong wuta, sarta pepadhange wong kang ana ing pepeteng,

20kang nggulawenthah wong bodho, gurune wong kang durung diwasa; marga ana ing angger-anggering Toret iku, kowe kadunungan awak-awakaning kawruh sarta keyekten,

21banjur kapriye mungguhing kowe, kang mulang wong liya, apa kowe ora mulang awakmu dhewe? Kowe kang mulang: Aja nyolong, yagene kowe dhewe kok nyolong?

22Kowe kang kandha: Aja laku bedhang, yagene kowe dhewe kok laku bedhang? Kowe kang gething marang brahala, yagene kowe dhewe kok malah njarah rayah papan brahala?

23Kowe kang gumunggung mungguhing angger-anggering Toret, yagene kowe kok malah nyenyamah Gusti Allah kalawan nerak angger-anggering Toret iku?

24Kaya kang katulisan wiraose: “Iya marga saka kowe Asmane Gusti Allah dicecamah ana ing antarane bangsa-bangsa liya.”

25Tetak iku pancen ana paedahe, manawa kowe temen-temen netepi angger-anggering Toret, nanging manawa kowe nerak angger-anggering Toret tetakmu iku tanpa guna.

26Dadi manawa wong kang ora tetak netepi angger-anggering Toret, apa iku ora bakal dianggep padha karo wong kang wus tetak?

27Yen mangkono, wong kang ora tetak nanging netepi angger-anggering Toret, iku bakal njeksani kowe kang nduweni angger-angger kang katulis lan tetak, nanging nerak angger-anggering Toret.

28Awit kang diarani Yahudi iku dudu tata-laire, lan kang diarani tetak uga dudu tetak ing tata-laire.

29Nanging kang diarani wong Yahudi sajati iku yaiku kang ora katon Yahudine, lan tetak kang sajati iku tetaking ati yaiku tetak rohani dudu tata-laire. Lan iku oleh pangalem saka Gusti Allah, ora saka manungsa.



Download Audio MP3 (Roma 2):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Roma 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel