Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Titus 3 >> 

Piweling-piweling panutup

1Wong-wong padha elingna, supaya padha sumuyud marang pamarentah lan para kang ngasta panguwasa, mbangun-miturut sarta padha cumadhang marang sadhengah panggawe becik.

2Aja seneng mitenah, aja dhemen tukar-padu, disumanak lan dialus ing wicara marang sadhengah wong.

3Amarga ing maune urip kita iya padha tanpa budi: wangkal, nasar, kawengku ing hawa-nepsu rupa-rupa lan kapencut, laku kita nuruti piala lan drengki, rusuh, sengit-sinengitan.

4Nanging bareng kamurahaning Allah, Pamarta kita, sarta katresnane marang manungsa kababar,

5ing nalika iku Panjenengane nylametake marang kita, ora marga saka panggawe becik kang wis kita lakoni, nanging marga saka sih-rahmate sarana padusan kalairan kapindho lan marga saka kaanyarake dening Sang Roh Suci,

6kang wus kaesokake marang kita dening Gusti Yesus Kristus, Pamarta kita,

7supaya kita, kang wus kabenerake dening sih-rahmate, padha wenang nampani urip langgeng, kayadene kang dadi pangarep-arep kita.

8Iki tembung kang satuhu lan karepku kowe supaya yakin ngungkuli bab iku, amrih wong-wong kang wis padha pracaya marang Gusti Allah padha ngudi kanthi temen-temen nglakoni panggawe becik. Yaiku kang prayoga lan migunani tumrap manungsa.

9Nanging mungguh bebantahan kang ora urus, prakara sarasilah, apadene parapadu lan regejegan bab angger-anggering Toret, iku singkirana awit iku kabeh ora ana gunane sarta tanpa paedah.

10Wong kang nasar pracayane, kang wus kokpituturi kaping sapisan utawa kaping pindho, iku dohana.

11Kowe mangreti, yen wong kang kaya mangkono iku nasar temenan lan ngukum awake dhewe kalawan dosane iku.

12Besuk samasa Artemas utawa Tikhikus wus dakkongkon nemoni kowe, kowe enggal mrelokna nekani aku ana ing kutha Nikopolis, awit niyatku arep ngaso ana ing kono sasuwene mangsa bedhidhing iki.

13Zenas ahli Toret kae lan Apolos padha tulungana lakune kang gumati, supaya aja nganti kekurangan sawiji apa.

14Sarta wong-wong kita cikben iya padha nggegulang nglakoni panggawe becik, supaya bisa nyukupi kabutuhaning urip kang baku, amrih uripe aja nganti tanpa guna.

Salam pandonga

15Kabeh kang melu aku padha kirim salam. Salam pandongaku marang para kang padha tresna marang aku kabeh ing sajroning pracaya. Sih-rahmat anaa ing kowe kabeh.



Download Audio MP3 (Titus 3):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Titus 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel