Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 14 >> 

Patrap nelakake kasusahan kang ora diparengake

1“Kowe iku padha putrane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe aja padha mblereki kulitmu lan aja nyukur rambutmu ing sadhuwure bathukmu marga kepaten;

2awitdene kowe iku umat kang suci kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kowe kang wus dipilih dening Sang Yehuwah saka ing antarane para bangsa kabeh kang ana ing salumahe bumi, kadadekake umat kagungane piyambak.”

Kewan kang karam lan kang kalal

3“Kowe aja mangan sadhengah kang jember.

4Iki pratelane kewan asikil papat kang klilan padha kokpangan: sapi, wedhus gembel, wedhus berok;

5menjangan kidang, menjangan tutul, wedhus alasan, kidang pagunungan, bantheng lan wedhus gembel alasan.

6Iya sadhengah kewan kang asikil papat kang tracake belah, -- yaiku kang belahane cawang dadi loro --, sarta kang nggayemi ing antarane sato-kewan kang asikil papat, iku kang klilan padha kokpangan.

7Nanging panunggalane kang nggayemi lan tracake cawang kang ora klilan kokpangan, yaiku: unta, arnebet lan safan, awit kabeh iku sanadyan nggayemi, nanging ora tracak belah; iku kabeh karam tumrap ing kowe.

8Mangkono uga celeng, tracake iya belah, nanging ora nggayemi, iku dadia karam tumrap ing kowe. Aja padha kokpangan daginge lan kowe aja nganti kagepok ing bathange.

9Panunggalane kang ana ing banyu kang klilan kokpangan yaiku: sadhengah kang mawa siwar lan sisik,

10nanging kang tanpa siwar lan tanpa sisik iku aja kokpangan, iku kabeh karam tumrap ing kowe.

11Sarupane manuk kang kalal iku kena kokpangan.

12Nanging kang ora kena kokpangan, yaiku: manuk garudha, manuk beri lan manuk wulung sagara;

13wulung abang, wulung ireng, dayah lan sapepadhane,

14bangsa gagak sapepadhane;

15manuk unta, manuk beluk, manuk camar lan bangsaning alap-alap sapepadhane,

16manuk pungguk, manuk beluk gedhe, manuk beluk putih,

17manuk walang kadhak, manuk rakham lan manuk salak,

18manuk khasidah, bangsaning bango lan sapepadhane, manuk dukhifat lan bangsa lawa.

19Sarupane kewan gumremet kang mawa elar iku iya padha karam tumrap ing kowe, aja dipangan.

20Sarupane manuk kang kalal iku kena kokpangan.

21Kowe aja mangan sadhengah bathang; iku kena kokwenehake marang wong bangsa liya kang ana ing panggonanmu supaya dipangan, utawa kena kokedol marang wong neneka; marga kowe iku bangsa suci kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. Cempe aja kokolah nganggo puwane embokne.”

Pisungsung prasepuluhan

22“Sakehe pametune winih kang thukul ana ing pategalanmu saben taun ajeg pisungsungna saprasepuluh.

23Ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kagem padalemaning asmane, ana ing ngarsane kono kowe mangana pisungsung prasepuluhane gandummu, anggurmu lan lengamu, apadene pembareping sapimu utawa wedhusmu, supaya kowe sinaua tansah wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

24Anadene saupama kadohen lakumu nggawa mrana, awit panggonan kang bakal dipilih dening Yehuwah Allahmu kagem padalemaning asmane iku adoh saka ing panggonanmu, mangka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu wus mberkahi marang kowe,

25iku nuli dadekna dhuwit, dhuwite banjur buntelen lan gawanen menyang panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,

26dene dhuwit iku banjur tukokna apa sasenenging atimu, apa sapi, wedhus, anggur utawa minuman keras utawa apa bae kang dipengini atimu, tumuli mangana ana ing kono ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu sarta bungah-bungaha, iya kowe dalah brayatmu.

27Uga wong Lewi kang manggon ana ing antaramu iku aja nganti koklirwakake, marga iku padha ora oleh panduman tanah-pusaka bebarengan karo kowe.

28Ing pungkasane saben telung taun kowe ngetokna pisungsung prasepuluhane pametuning lemahmu ing taun iku, lan dekekna ana ing kuthamu,

29nuli bani Lewi kang ora oleh panduman tanah-pusaka kaya kowe iku, apadene wong bangsa liya kang neneka, anak yatim sarta randha kang ana ing panggonanmu, iku bakal padha mara lan mangan nganti wareg; iku supaya kowe diberkahana dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tumrap sakehe pagawean kang koktindakake.”



 <<  Ulangan 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel