Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 23 >> 

Wong kang ora klilan lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah

1“Wong kang pringsilane remuk, utawa kang kawirangane kapagas, iku ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah.

2Anak jadah ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah, nganti turun kang kaping sapuluh iya ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah.

3Wong Amon lan Moab ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah, malah turune kang kaping sapuluh iya ora kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah salawas-lawase;

4awit padha ora mapag marang kowe kalawan nyuguh roti lan banyu nalika kowe padha lumaku metu saka ing tanah Mesir, apadene marga anggone ngopahi Bileam bin Beor saka ing Petor ing tanah Aram-Mesopotamia, supaya nglawan kowe, yaiku supaya ngipat-ipati kowe.

5Nanging Pangeran Yehuwah ora karsa nyembadani marang Bileam, malah ipat-ipate diwalik dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, dadi berkah awit Pangeran Yehuwah. Gusti Allahmu, ngasihi marang kowe.

6Bangsa loro mau aja kokarah tentreme lan becike, sajegmu urip nganti salawas-lawase.

7Bangsa Edom iku aja kokanggep jember, awit iku sadulurmu. Wong Mesir iya aja kokanggep jember, marga kowe biyen padha dadi wong neneka ana ing nagarane.

8Bocah kang lair saka wong-wong iku turune kang kaping telu kena lumebu ing pasamuwane Sang Yehuwah.”

Bab resike pakemahan

9“Manawa kowe maju karo balamu nglurug perang nglawan mungsuhmu, kowe kudu njaga awakmu, nyingkirana samubarang kang nistha.

10Manawa ing antaramu ana wong lanang kang najis marga saka sadhengah kedadean ing bengine, iku metua menyang sajabane pakemahan, aja nganti lumebu ing pakemahan;

11bareng ngarepake sore adusa, sarta sasurupe srengenge klilan lumebu ing pakemahan.

12Ing sajabane pakemahan anaa panggonan, perlu kanggo bebuwang.

13Ing antarane pirantimu anaa cethoke kanggo gawe cluwekan samangsa kowe arep bebuwang, lan kanggo ngurugi sesukermu iku.

14Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, tansah tindak ana ing satengahing pakemahanmu prelu ngluwari kowe lan ngulungake mungsuhmu marang kowe; mulane pakemahanmu iku kudu suci, aja nganti Sang Yehuwah mirsa apa bae kang ora pantes ana ing antaramu, temah banjur mengker nilar kowe.”

Bab kawelasan marang batur kang minggat

15“Batur tukon kang minggat saka ing bendarane ngungsi menyang ing panggonanmu, iku aja kokpasrahake bali marang bendarane,

16kareben manggon amor kowe ana ing tengahmu, ing panggonan kang dipilih ana ing salah sawijining panggonanamu kang dikira becik; aja koktindhes.”

Larangan tumrap wong tuna-susila ana ing panggonan suci

17“Ing antarane para bocah wadon ing Israel aja ana kang dadi sundel-pangibadah; lan ing antarane wong lanang ing Israel aja ana kang dadi jindik-pangibadah.

18Opahe wong tuna-susila sarta dhuwit opahane pajindikan aja nganti koklebokake ing pedalemane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo netepi salah sawijining nadar; awitdene iku jember tumraping Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”

Aja njaluk anakan karo wong tunggal bangsa

19“Aja njaluk anakan marang padha sadulur; dadia anakane dhuwit utawa bahan pangan utawa apa bae kang kena dianakake.

20Wong bangsa liya iku kena kokjaluki anakan, nanging sadulurmu aja kokjaluki, supaya kowe diberkahana dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mungguh sabarang apa kang koktandangi ana ing nagara kang kokleboni lan bakal kokejegi.”

Bab punagi

21“Manawa kowe ngunjukake punagi marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggonmu ngluwari aja pijer semaya, awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mesthi bakal nagih marang kowe, temah bakal dadi kaluputanmu.

22Nanging manawa kowe ora nglairake punagi, iku kowe ora bakal nandhang dosa.

23Apa kang kawetu saka ing lambemu, iku tetepana kalawan setya, amarga kalawan manasuka anggonmu nglairake nadar ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bab kang wus kokucapake kalawan cangkemmu dhewe.”

Bab methik woh anggur lan wulen gandum ing lemahe wong liya

24“Manawa kowe liwat ing pakebonan anggur duweke pepadhamu kowe kena mangan wohe anggur sawaregmu, mung bae aja koklebokake ing wadhahmu.

25Manawa kowe ngliwati pagandumane pepadhamu kang durung dieneni, kowe kena methik wewulene kalawan tanganmu, mung aja nganti namakake arit marang gandume pepadhamu iku.”



 <<  Ulangan 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel