Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 11 >> 

Seksine Gusti Allah loro

1Aku tumuli kaparingan glagah, kaya teken ukuran, kanthi dhawuh mangkene: “Mara sira ngadega lan ukuren Padalemane Suci Gusti Allah lan misbyah dalah para kang sujud ana ing kono iku.

2Mung platarane sajabane Padaleman Suci iku aja sira ukur, marga iku wus kapasrahake marang para bangsa-bangsa liya kang bakal padha ngidak-idak Kutha Suci lawase patang puluh loro sasi.

3Anadene seksiningSun loro bakal Sundhawuhi medhar wangsit lawase sewu rong atus sawidak dina kalawan manganggo bagor.”

4Yaiku wit jaitun loro lan padamaran loro kang ana ing pangayunane Allahe alam donya.

5Dene manawa ana wong kang arep milara, bakal ana geni metu saka ing cangkeme mangsa marang satrune. Lan manawa ana wong kang arep milara, mesthi kapatenan kanthi patrap mangkono.

6Seksi loro mau padha duwe panguwasa ngancing langit, supaya ora ana udan sajrone padha medhar wangsit; lan padha duwe panguwasa ing ngatase sakehing banyu bisa kadadekake getih; sarta nggebug bumi kalawan sawarnaning wewelak sawayah-wayah miturut sakarepe.

7Anadene samangsa wus rampung anggone padha nglairake paseksene, tumuli kewan kang muncul saka ing teleng bakal nempuh perang marang seksi-seksi mau, sarta bakal padha dikalahake lan dipateni.

8Layone bakal gilang-gilang ana ing lurunging kutha gedhe, kang cara kasukman kaaranan Sodom lan Mesir, iya ing panggonane Gustine kasalib.

9Karodene panunggalane para bangsa lan taler tuwin basa sarta golongan, padha nonton layone lawase telu satengah dina lan wong-wong iku ora nglilani layone dikubur.

10Wong-wong kang manggon ing bumi padha bungah awit saka kang mati iku lan padha pista apadene padha kirim-kiriman bebungah, marga nabi loro mau padha nyiksa kabeh wong kang manggon ana ing bumi.

11Sawuse telu satengah dina tumuli rohing kauripan saka ing Allah nganjingi layon-layon mau, temahan kang mati banjur padha tangi, agawe banget girise wong kang padha weruh.

12Wong-wong mau tumuli padha krungu swara seru saka ing swarga mangandikani: “Padha munggaha mrene!” Banjur padha munggah menyang ing langit, katutupan mega, kadeleng dening para satrune.

13Ing nalika iku ana lindhu kang luwih dening gedhe lan saprasapuluhe kutha iku jugrug, lan wong pitung ewu padha mati dening lindhu iku; lan wong-wong liyane padha giris banget, banjur padha ngluhurake Gusti Allah ing swarga.

14Wewelak kang kapindho wus liwat; lah, wewelak kang katelune tumuli teka.

Kalasangka kang kapitu kaunekake; Gusti Allah kaluhurake dening para pinituwa kalawan kidung pangale

15Bareng malaekat kang kapitu ngungelake kalasangkane, tumuli ing swarga keprungu swara banter padha muni mangkene: “Paprentahan ing donya iku kaasta dening Pangeran kita lan Sang Jebadane, sarta Panjenengane bakal jumeneng Ratu langgeng salawas-lawase.”

16Para pinituwa patlikur, kang padha lungguh ing dhampar ana ing ngarsaning Allah banjur padha sumungkem sujud marang Gusti Allah,

17unjuke, “Dhuh Pangeran, Gusti Allah ingkang Mahakuwaos, ingkang wonten, saha ingkang kala rumiyin wonten, kawula sami saos sokur dhumateng Paduka, amargi Paduka sampun ngagem panguwaos Paduka ingkang agung saha sampun wiwit ngasta kaprabon.

18Para bangsa sampun sami nepsu, nanging bebendu Paduka sampun katingal sarta sampun dumugi wekdalipun para tiyang pejah dipun adili tuwin paring ganjaran dhateng para abdi Paduka, para nabi kaliyan para suci saha para ingkang ajrih-asih dhumateng asma Paduka, dhateng tiyang-tiyang alit kaliyan tiyang-tiyang ageng amargi Paduka sampun ngagem panguwaos Paduka ingkang agung lan Paduka badhe nglebur para ingkang sami ngrisak bumi.”

19Sabanjure Padalemane Suci Gusti Allah kang ana ing swarga kawengakake lan pethi prajanjiane katon ana ing Padaleman Suci iku, banjur ana kilat lan swara gumlegering gludhug apadene lindhu lan udan es kang luwih dening deres.



Download Audio MP3 (Wahyu 11):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Wahyu 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel