Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 12 >> 

Wanodya lan naga

1Ing langit tumuli katon tengeran gedhe: Ana wanita kang sinandhangan srengenge, lan rembulan ana ing sangisore tlapakane sarta nganggo makuthane lintang rolas ana ing sirahe.

2Wanita mau lagi ngandheg sarta sajrone sesambat nglarani arep nglairake iku njerit marga kelaran.

3Lan ing langit katon ana tengeran liyane: Lah ana naga gedhe abang mbranang, endhase pitu, lan ana sungune sapuluh, sarta ing endhase ana jamange pitu.

4Pethite nyered sapratelone lintang-lintang ing langit, banjur ditibakake marang bumi. Naga mau mapan ana ing ngarepe wanita kang arep nglairake iku, sedyane arep nguntal Putrane sang wanita, samangsa miyos.

5Sang wanita mau banjur mbabar Putra kakung, kang bakal ngengen para bangsa kalawan lantaran wesi; dumadakan Sang Putra mau karebut lan diplayokake menyang ing ngarsaning Allah lan ing dhampare.

6Dene sang wanita mau mlayu menyang pasamunan, ing panggonan kang wus dicawisake dening Gusti Allah, supaya diopeni ana ing kono lawase sewu rong atus sawidak dina.

Naga dikalahake

7Ing swarga tumuli ana paperangan. Sang Mikhael lan para malaekate padha perang nglawan naga mau, sarta si naga iku kabantu dening para malaekate,

8nanging padha ora kuwat nanggulangi; temah padha ora oleh papan maneh ana ing swarga.

9Si naga gedhe banjur diuncalake mangisor, si ula kuna, kang kaaranan Iblis lan Setan, kang nasarake saisining jagad, iku kauncalake menyang ing bumi, dalah para malaekate.

Kidung kaunggulan

10Nuli aku krungu swara kang banter ana ing swarga, mangkene: “Samengko karahayon lan panguwasa tuwin paprentahaning Allah kita, lan panguwasane Sang Jebadane, wus kababar, marga si panggugat, kang rina-wengi nggugat para sadulur kita ana ing ngarsaning Allah kita, iku wus kauncalake mangisor.

11Lan anggone padha ngalahake srana rahe Sang Cempe, lan srana tembunge paseksene. Sabab padha ora ngeman marang nyawane dhewe nganti tumeka ing pati.

12Mulane padha sukarenaa, he, swarga lan he, sira kabeh kang padha ngenggoni, bilai kowe, he, bumi lan sagara! marga Iblis wus ngudhuni sira, kalawan nepsu banget, marga weruh, yen wektune mung kari sathithik.”

Naga ngoyak wanita mau

13Anadene bareng si naga eling, yen wus kauncalake menyang ing bumi banjur ngoyak sang wanita kang wus mbabar Putra kakung mau.

14Sang wanita tumuli kaparingan suwiwi garudha gedhe sapasang, supaya mabur menyang ing panggonane, iya iku ing pasamunan, ana ing kono wanita iku diopeni, adoh saka papane si ula, lawase samangsa lan rong mangsa tuwin satengah mangsa.

15Si ula banjur nyemburake banyu kaya kali saka ing cangkeme, disusulake marang wanita mau, supaya kelia ing kali kono.

16Nanging sang wanita ditulungi dening bumi. Bumi iku ngangapake cangkeme, lan nguntal kali kang disemburake dening cangkeme naga mau.

17Si naga tumuli nepsu banget marang sang wanita, banjur lunga merangi turune liyane, kang padha netepi pepakoning Allah lan ngantepi ing paseksene Gusti Yesus,



Download Audio MP3 (Wahyu 12):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Wahyu 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel