Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 16 >> 

Wewelak pepitu

1Aku tumuli krungu swara seru saka ing Padaleman Suci dhawuh marang malaekat pitu mau mangkene: “Padha lungaa, bokor pitu kang isi bebenduning Allah iku padha suntakana ing bumi.”

2Malaekat kang kapisan banjur tindak lan nyuntak bokore menyang ing bumi; wong kang kanggonan cirine si kewan lan kang sujud marang recane tumuli padha kena ing memala wudun kang ampuh lan mbebayani.

3Malaekat kang kapindho nyuntak bokore menyang ing sagara; banyune tumuli dadi getih, kaya getihe wong mati, temahan isining sagara kang mawa nyawa padha mati kabeh.

4Malaekat kang katelu nyuntak bokore menyang ing kali-kali lan tuking banyu, temahan banyune dadi getih.

5Aku banjur krungu malaekat kang nguwaosi banyu iku munjuk: “Paduka punika adil, Paduka ingkang wonten sarta ingkang kala rumiyin sampun wonten, Paduka ingkang suci, ingkang sampun ndhawahi paukuman punika.

6Amargi tiyang punika sampun sami ngwutahaken rahipun para suci lan para nabi, Paduka inggih sampun ngombeni rah tiyang-tiyang punika; makaten punika sampun samesthinipun tumrap tiyang-tiyang punika!”

7Apadene aku krungu misbyah ngucap mangkene: “Dhuh Pangeran, Allah, Ingkang Mahakuwaos, leres lan adil sadaya pangadilan Paduka punika.”

8Malaekat kang kapat nyuntak bokore menyang ing srengenge, lan iku tumuli kaparingan panguwasa mbrangas wong kalawan geni.

9Temahan wong padha kagosongake dening panasing geni kang banter, banjur padha nyenyamah marang asmaning Allah, kang nguwaosi wewelak-wewelak mau, sarta ora mratobat ngluhurake marang Gusti Allah.

10Malaekat kang kalima nyuntak bokore menyang ing dhampare si kewan temahan kaprabone iku dadi peteng, sarta wong-wong padha nggigiti ilate dhewe marga saka kelaran,

11lan banjur padha nyenyamah marang asmane Allah ing swarga marga saka kelaran lan marga saka wudune, nanging padha ora mratobat mareni pratingkahe.

12Malaekat kang kanem nyuntak bokore menyang ing bengawan Efrat, banjur tumuli asat, temah wus cumawis dalane para ratu kang rawuh saka ing bang wetan.

13Aku banjur weruh saka ing cangkeme si naga lan ing cangkeme si kewan tuwin ing cangkeme kang ngaku-aku nabi iku ana roh reged telu padha metu kaya kodhok.

14Yaiku roh-roh setan kang nganakake mukjijat-mukjijat, kang padha lunga nggoleki ratu-ratu saindenging jagad, padha diklumpukake diajak perang ing dina kang wingit, yaiku dinane Gusti Allah kang Mahakuwaos.

15“Wruhanira, Ingsun rawuh kaya maling. Rahayu, wong kang jumaga lan kang ngrumat sandhangane, supaya anggone lumaku aja nganti kalawan wuda lan katon kawirangane.”

16Anadene anggone nglumpukake iku mau ana ing pangonan, kang ing basa ibrani aran Harmagedhon.

17Malaekat kang kapitu nyuntak bokore menyang ing awang-awang. Saka ing padaleman Suci banjur kaprungu swara seru saka ing dhampar iku, pangandikane: “Wus kalakon.”

18Tumuli ana thathit cumleret lan gludhug gumleger, sarta ana lindhu gedhe kang salawase bumi dienggoni manungsa durung tau kalakon. Kaya mangkono hebate lindhu iku.

19Temah kutha kang gedhe iku pecah dadi telu lan kutha-kuthane para bangsa kang padha ora wanuh marang Gusti Allah padha jugrug. Gusti Allah banjur kengetan marang Babil kang gedhe iku nuli kaparingan tuwung kang kebak isi anggur bebenduning dukane Gusti Allah

20Sakehe pulo banjur padha musna, lan gunung-gunung wis padha ora katemu maneh.

21Sarta ana udan woh gedhe, bobote satus pun, tiba saka ing langit nibani wong-wong, temahan wong-wong padha nyenyamah marang Gusti Allah marga saka wewelak udan woh iku, awit wewelak iku mau nggegirisi banget.



Download Audio MP3 (Wahyu 16):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Wahyu 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel