Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 22 >> 

1Aku tumuli dituduhi bengawan banyu panguripan, kang bening kaya kristal, kang mili metu saka ing dhampare Gusti Allah lan dhampare Sang Cempe.

2Ing satengahe dalaning kutha iku, yaiku ing sakiwa-tengene bengawan, ana wit-wit panguripan kang metokake woh ping rolas, saben sasi sapisan; anadene godhonge wit-wit mau dianggo mulyakake para bangsa.

3Sarta bakal ora ana laknat maneh. Dene dhampare Gusti Allah lan Sang Cempe bakal ana ing tengahe, lan para abdine bakal padha ngabekti marang Panjenengane,

4lan bakal padha nyawang pasuryane lan bathuke bakal padha kacirenan Asmane.

5Lan ing kono ora bakal ana wayah bengi maneh, sarta ora susah nganggo padhanging damar utawa srengenge, amarga Pangeran Allah kang bakal madhangi, sarta wong-wong mau bakal padha mrentah kaya ratu langgeng ing salawas-lawase.

Rawuhe Gusti Yesus

6Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Pangandika iku mau patitis lan nyata, sarta Pangeran, Allah kang paring roh marang para nabi, wus ngutus malaekate supaya nuduhake marang para abdine apa kang pinesthi enggal kalakon.”

7“Lah Ingsun bakal enggal rawuh. Rahayu wong kang netepi ing pangandika wedharing wangsite kitab iki!”

8Anadene aku, Yokanan, kang wus ndeleng lan krungu prakara iku mau kabeh. Lan sawuse krungu lan ndeleng, aku tumuli sumungkem ing sampeyane malaekat, kang wus nedahake iku mau kabeh marang aku, arep sujud.

9Nanging dhawuhe marang aku: “Aja mangkono! Awit aku iki dadi kancamu abdi, padha kaya kowe lan sadulur-sadulurmu, para abdi, lan para kang netepi pangandikane kitab ini. Sujuda marang Gusti Allah!”

10Tumuli pangandikane maneh marang aku: “Pangandika wedharing wangsite kitab iki aja sira segel, awit wektune wus cedhak.

11Sing sapa gawe duraka, terusa gawe duraka, sing sapa jember, terusa njemberake awak; lan sing sapa laku bener, terusa laku bener; sing sapa suci, cikben terus nucekake awake!”

12“Lah Ingsun bakal enggal rawuh, sarta ngasta ganjaraningSun, kagawe males marang sawiji-wijining wong miturut sapanggawene.

13Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Kang Murwani lan Kang Mungkasi, Kang Wiwitan lan Kang Wekasan.

14Rahayu wong kang padha ngumbah sandhangane. Iku kang bakal padha duwe wewenang tumrap wit-wit panguripan, lan lumebu ing kutha, liwat ing gapura-gapurane.

15Nanging asu lan juru tenung, tuwin wong-wong kang laku jina, wong gawe pati, lan kang nyembah brahala, sarta sok wonga kang dhemen lan nglakoni para-cidra, iku ana ing sajabaning kutha.

16Ingsun, Yesus, wus ngutus malaekatingSun supaya aweh paseksen tumrap prakara iku mau kabeh marang sira kanggo pasamuwan-pasamuwan. Ingsun iki sogol, yaiku trahe Dawud, lintang panjer esuk kang mancorong.”

17Apadene Sang Roh lan panganten putri padha nyebut: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang krungu, iku munjuka: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang ngelak, majua lan sapa kang arep, njupuka banyu panguripan kalawan lelahanan.

Panutup

18Aku pratela marang saben wong kang ngrungokake ing pangandika wedharing wangsite kitab iki: “Manawa ana wong kang muwuhi apa-apa ing pangandika iki, Gusti Allah mesthi bakal muwuhi wewelak marang dheweke padha kaya kang katulisan ing kitab iki.

19Lan manawa ana wong kang ngurangi ing pangandikane kitab wedharing wangsit iki, Gusti Allah bakal mundhut pandumane saka ing wit panguripan lan saka ing kutha suci, kaya kang katulisan ana ing kitab iki.”

20Kang nglairake paseksen bab iki mau kabeh ngandika mangkene: “Iya, Ingsun enggal rawuh!” Amin, inggih Gusti Yesus, Paduka mugi rawuh!

21Sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus nunggila ing kowe kabeh! Amin.



Download Audio MP3 (Wahyu 22):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Wahyu 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel