Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yakobus 2 >> 

Aja mawang wong

1He para sadulurku, sarehne kowe kabeh iku wong kang pracaya marang Gusti Yesus Kristus, Gusti kita kang Mahamulya, anggonmu ngetrapake pracayamu aja nganggo mawang wong.

2Jalaran saupama ana wong kang lumebu ing kumpulanmu nganggo ali-ali mas, manganggo sarwa mompyor sarta uga ana wong miskin kang lumebu manganggo sarwa ala,

3nuli kowe padha ngajeni marang kang manganggo mompyor mau lan koktuturi mangkene, “Panjenengan kula aturi lenggah ing panggenan ingkang sae punika!”, mangka kang miskin kokpituturi mangkene, “Sampeyan ngadeg ngriku!” utawa: “Sampeyan linggih ing ngandhap ngriki celak ancik-ancik kula!”,

4apa kowe ora wis padha mbedak-mbedakake sajroning atimu sarta tumindak dadi jeksa kang ala pikirane?

5Rungokna ta, sadulur-sadulurku kang daktresnani, Gusti Allah apa ora wus milih wong miskin ing donya iki, supaya padha dadia sugih ing sajroning pracaya sarta padha dadi ahli-warise Kraton, kang wis diprasetyakake marang kang padha nresnani Panjenengane?

6Nanging kowe iku padha ngremehake marang wong miskin. Malah apa ora wong sugih kang padha nganiaya kowe sarta nyered kowe marang ngarsane pangadilan?

7Apa dudu iku kang padha nyenyamah Asma kang mulya, kang njalari kowe padha dadi kagungane Gusti Allah

8Nanging, manawa kowe netepi angger-angger kang utama kang katulis ing Kitab Suci: “Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe,” dadi sira tumindak becik.

9Nanging manawa kowe padha mawang wong, kowe nglakoni dosa sarta marga saka angger-angger iku, banjur nyata yen kowe nglakoni panerak.

10Jalaran sing sapa netepi sakehing angger-angger iku, mangka nglirwakake saprakara, dheweke iku kaluputan marang sakabehe.

11Jalaran Panjenengane kang ngandika: “Sira aja laku bedhang,” iku uga ngandika: “Sira aja memateni.” Dadi sanadyan kowe ora laku bedhang, nanging gawe pepati, iku kowe uga dadi wong kang nerak ing angger-angger.

12Calathua sarta tumindaka kaya wong kang bakal padha diadili miturut angger-anggering kamardikan.

13Awitdene tumindake pangadilan iku bakal tanpa welas ing ngatase wong kang ora nglakoni kawelasan. Nanging kawelasan iku bakal unggul lawan pangadilan.

Pracaya tanpa panggawe iku sajatine mati

14He para sadulurku, paedahe apa, manawa ana wong ngaku nduweni pracaya, mangka ora ana panggawene?

15Saupama ana sadulur lanang utawa wadon kang kacingkrangan ing bab sandhang lan pangane ing saben dinane,

16nuli ana panunggalanmu kang nuturi mangkene: “Wis mangkata, daksangoni slamet, nganggoa sandhangan kang anget sarta mangana sing wareg.” Nanging ora menehi kang dadi kabutuhane badane, iku paedahe apa?

17Mangkono uga tumrap pracaya: Manawa pracaya iku ora dikantheni panggawe, iku sajatine mati.

18Nanging bisa uga ana kang muni mangkene: “Kowe iku kang nduweni pracaya, aku iki nduweni panggawe.” Aku bakal mangsuli: “Mara tuduhana pracayamu kang tanpa panggawe iku, sarta kowe bakal daktuduhi pracayaku saka panggawe-panggaweku.”

19Kowe pracaya, manawa mung ana Gusti Allah siji? Iku becik. Nanging setan uga pracaya ing bab iku, banjur padha gumeter.

20He, wong bodho, apa kowe saiki gelem ngakoni, manawa pracaya tanpa panggawe iku pracaya kang kothong.

21Leluhur kita Rama Abraham iku apa ora awit saka panggawe-panggawene anggone kabenerake, nalika nyaosake kang putra Iskak ana ing misbyah?

22Kowe padha sumurup, manawa pracaya iku tumindak bebarengan karo panggawe, sarta marga saka panggawe iku pracaya dadi sampurna.

23Temah kayektenan nas kang surasane mangkene: “Anadene Rama Abraham pracaya marang Gusti Allah, mangka iya iku kang kaetung dadi kasampurnane.” Amarga saka iku Rama Abraham kasebut: “Mitrane Gusti Allah.”

24Dadi kowe padha sumurup, manawa manungsa anggone kabenerake iku jalaran saka panggawe, ora mung saka pracaya bae.

25Mangkono uga Rakhab, si sundel iku, apa ora awit saka panggawene anggone kabenerake, nalika ndhelikake para utusan ing omahe, banjur nulungi lolose metu ing dalan liya?

26Jalaran kayadene badan tanpa sukma iku mati, mangkono uga pracaya tanpa panggawe iku iya mati.



Download Audio MP3 (Yakobus 2):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Yakobus 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel